LAGI ngenténi pelayan warung nglayani Sidul tuku udud, wong lanang sing njanggleng nang jéjéré nyuara.
“Njaluk sodaqohé Pak.”
Krungu ning kupingé Sidul, suara kuwé irama nadané kayong datar kaya wis biasa ngelakoni jelaluk tut ndalan. Sing dodol warung mandeng setralapan maring déwéké karo tangané nyambi gusrek njukut rokok lan cut jujulan kanggo Sidul.
Kayadéné ulaté sing dodol, Sidul uga satralapan mandeng maring uwong sing lagi njaluk sodaqoh. Sawetara nang nduwur etalase, matané Sidul meruhi rong kotak sumbangan njegogrog. Dideleng labél sing némpél nang kono bisa dingerténi kotak sumbangan kuwé asalé saka lembaga sosial atas namané sodaqoh.
Nyekséni rong masalah kuwé, pengangené Sidul mlayang adoh. Tembé baé déwéké ngliwati bangjo alias traffic light ning prapatan. Nang kono ana bocah-bocah enom lagi ngamén nganggoné salon. Kadangkala pengaméné nganggo alat musik calung. Salah siji anggotané tugasé ider nggawa kaléng utawané bésék plastik njaluk cut salilané maring pengguna jalan sing lagi mandeg ngenténi lampu bangjoné murub ijo.
Weruh gemriyeké masyarakat nang kotané Sidul pada golét pangan anéka rupa, atiné Sidul ndadak ngrentes tapiné uga ngenes.
Lubar tuku udud, anjog nang umah Sidul ngrenung. Jaréné, negarané Sidul paribasan “Kolam Susu” kaya laguné Koes Plus. Nyatané keadaan sing diweruhi malah jungkir balik. Urip ning negarané sing jaréné ‘gemah ripah loh jinawi toto tentrem kerto raharjo’ pada baéné kaya urip ning negara dunya ketiga. Mirip-mirip ning Etiopia, Negara Afrika sing rakyaté ora kopén. Kurang pangan, kurang sandang. Jan-jané negarané Sidul kiyé lagi kena trungku apa kutukan?
Bab kiyé sing ndadékna Sidul endasé peng-pengan lan beléh ngerti apa sebabé.
Nang bengi kiyé kaya biasané wong papat dopokan ning Pos Ronda spésial mbahas bab sodaqoh kang wujudé macem-macem. Kadangkala anggota masyarakat ari pan ana pembangunan, pada nyegati pengguna jalan sing lagi mandeg ning prapatan, dialuki sumbangan cut.
“Nyong bener-bener ngenes gén ora mudeng maring gelagat sing kaya kuwé. Jaré, negarané enyong “Kolam Susu”, nyatané kur ato-ato gél. Saluguné sing kaya kiyé kepimén, bisané bangsané enyong akéh sing kéré tur ider jejaluk turut dalan?” Sidul miwiti mbalang bab sing nggatol ning uteké.
Kaya biasané Jon Dapuk ora gelem njawabi sadurungé jakwir-jakwiré buka suara.
“Enyong baé éram ka… negarané enyong kaya raya tapi masyarakaté pada céngap-cengap!” omongé Kapér.
“Wis diserahna Jon Dapuk baé. Apa sebabé kahanan ning kéné bisa kaya kuwé?” Rada-radané Darto ora sabaran kepéngin ngerti sebab musababé bisa kaya kuwé.
Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké nyruput wédangé sateguk mbuh rong teguk latané nyumed sigarété. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokoké Jon Dapuk sing diumbar ning adepan jakwir-jakwiré.
“Saluguné kowen kabéh wis pada ngarti, sebab sering krungu duwit negara disuyadi oknum-oknum penggedé sing nggragas, nggayuh sugih dadakan. Kuwé salah siji sebab rakyat kéné akéh sing kaliren. Cut sing mestiné kanggo masyarakat, patgulipat mlebu saké para oknum!”
Krungu omongané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré mantuk-mantuk. Omongané Jon Dapuk bisa diiyani sehubungan kabar-kabur soal “tikus-tikus berdasi” demen “nggrigiti” duwité negara sumebar ning média cétak, télépisi uga jagad maya.
“Kaping loroné, wong-wong sing ombér cut kuwé tibané ora maring masyarakat tapiné maring pegawé negeri. Miturut laporan Menteri Keuangan Sri Mulyani, dikutip laman detikFinance, belanja negara paling gedé nyedot cuté, ora liya gaji pegawai negeri sipil. Miturut Menteri Keuangan, capéan belanja negara per 31 Oktober 2019 kanggo Kementerian/Lembaga (KL) kosih tekan 633, 5 triliun. Rinciané, belanja negara kanggo gaji PNS tembus angka 204,4 tiliun. Sedengé kanggo belanja modal kur 100,8 triliun. Kiyé omongané Menteri Keuangan Sri Mulyani Indrawati nalika acara konferénsi pers APBN KiTa, nang Jakarta, Senin, 18 Novepmber 2019. Merga ora éram adong pegawé negri senajan jagadé ngadepi wabah Covid-19, tetep tiring-tiring. Sing susah mbangkana susah justru masyarakat, luwih-luwih ning kahanan pageblug Covid-19 sing beléh rampung-rampung, wong sing uripé céngap-céngap sangsaya keplétét!” omongé Jon Dapuk serentak diamini gonéng jakwir-jakwiré. (*)
——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post