BREBES – Bekas lurah utawa Kepala Désa (Kadés) Legok, Kecamatan Bantarkawung, Kabupatén Brebes, Lugiman (46) olih ukuman rong taun penjara. Dhéwéké dinyatakna salah, merga kasus perkiraan tindak pidana korupsi anggaran dana désa taun 2018 sing gedhéné tekan Rp 343 juta luwih.
“Nang jero amar putusané, terdakwa divonis pidana awak rong taun kurungan penjara dikurangi masa penahanan sementara sing wis dilakoni terdakwa karo prentah ebén terdakwa tetep ditahan. Toli denda Rp 50 juta subsider sa wulan penjara,” omongé Kepala Seksi Pidana Khusus (Kasipidsus) Kejaksaan Negeri Brebes, Sunarto, dina Senén (3/8/2020).
Pas kuwé, sidang putusan kedadén lewat vidio dina Rebo (29/7/2020). Jaksa Penuntut Umum (JPU) lan hakim ana nang Pengadilan Tipikor Semarang. Sementara terdakwa nang Lapas Kelas II B Brebes.
Terdakwa, jaré dhéwéké, uga dikenakna nggo ngganti duwit segedhé Rp 343 juta. Angger ora dibayarna pan diganténi pidana kurungan lawasé wolung (8) wulan.
“Terdakwa kebukti nglanggar Pasal 3 jo Pasal 18 UU Nomer 31 Taun 1999 ngenani Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi sakepiben diubah UU RI no 20 taun 2001 ngenani perubahan atas UU,” jelasé.
Sunarto ngomong, putusan kuwé luwih énténg seka tuntutan JPU karo kurungan awak lawasé rong taun nem wulan. Ndhuwuréng putusan kuwé, terdakwa nrima. Sementara JPU ésih nyatakna sikap mikir-mikir.
Sadurungé, Tim Unit Tindak Pidana Korupsi (Tipikor) Satrékrim Polrés Brebes nglakoni pelimpahan tahap ke loro nang Kejaksaan Negeri (Kejari) Brebes, dina Kemis (19/3) wingi. Nang dina sing padha, Tim Pidsus Kejari Brebes langsung nglakokna penahanan maring tersangka.
Wayah dilakoni penahanan daning penuntut umum Kejari Brebes, bojoné lan kluwargané tersangka sempet pada nangis jaluk karo jaksa eben belih dipenjara. Tapi, kala-kalaen jaksa ya tetep nahan lan njeblosna tersangka nang penjara. Nggo sementara, tersangka dititipna nang penjara Lapas Brebes.
Sadurunge, Kapolres Brebes AKBP Gatot Yulianto ngomong, kebongkaré kasus perkiraan korupsi daning unit Tipikor Satreskrim Polres kiyé awalé seka laporan masarakat. Seka laporan kuwé, petugas nglakoni penyelidikan, termasuk nglakoni pemeriksaan maring pirang-pirang saksi.
“Dadi dana désa sing dinyana dikorupsi yakuwé anggaran taun 2018 wingi. Karo tuna negara tekan Rp 343 juta luwih,” omongé Gatot Yulianto, dina Jemuah, 20 Maret 2020.
Polisi ngamanna ana pirang barang bukti. Nang antarané, proposal pengajuan pencairan dana désa taun 2018, bukti audit seka Inspektorat Kabupatén Brebes sing gawe tuna negara, laporan pertanggung jawaban pengelolaan dana désa, lan pirang-pirang bukti liyané.
Ngelola DD Rp 1,2 M
Wayah dadi lurah, dhéwéké ngelola Dana Desa (DD) taun 2018 karo dana total tekan Rp 1,2 milliar. Dana segedhé kuwé dialokasikna nggo 16 kegiatan pembagunan désa. Dinyana ana 8 kegiatan pemberdayaaan masarakat, dilaksanakna dhéwékan lan ora nglibatna TPK sing wis dibentuk.
Malah, ana pirang kegiatan utawa pegawéan pembangunan désa sing ora rampung dilaksanakna lan duwité dienggo nggo kepentingané dhéwéké. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post