TEGAL — Lahan pertanian utama sawah nang Kabupatén Tegal selot susut gara-gara alih fungsi lahan dadi pemukiman lan pabrik. Diperkirakna, neng satauné, sekitar 10 héktar lahan pertanian nang Kabupatén Tegal susut.
Salah siji Anggota DPRD Kabupatén Tegal, H. Bakhrun, ngomong ngurangé lahan pertanian gara-gara nggal taun rubah fungsi dadi permukiman penduduk lan bangunan industri. Bahrun nyebut, neng satauné, sekitar 10 héktar lahan pertanian nang Kabupatén Tegal susut.
Penyusutan kuwé, jaréné, terutama nang wilayah Pantura sing ngliputi Kecamatan Kramat, Suradadi lan Warureja. Latané penyusutan uga kedadén nang wilayah Kecamatan Margasari, Lebaksiu lan Balapulang.
“Susuté lahan pertanian gara-gara nggo permukiman lan industri,” omongé, dina Saptu (15/1/2022).
Anggota DPRD Kabupatén Tegal, H. Bakhrun. Bahrun uga ngomong, saliyané imbas seka permukiman, susuté lahan uga merga abrasi. Ora sacuil lahan sing ilang gara-gara dihampad ombak laut. Rata-rata nang wilayah Pantura Kabupatén Tegal.
“Ora mung lahan, umah warga uga akéh sing kena abrasi,” tambahé.
Dhéwéké ngarep-arep ana gerakan penanaman pohon nang wilayah pantai utara nggo ngindangi kedadéné abrasi. Saliyané kuwé, dhéwéké uga ngarep-arep ébén lahan hijau ora beralih fungsi. “Aja kosih hasil produksi petani susut. Mugané lahan pertanian kudu tetep dipertahana, ” pungkasé. (*)
Discussion about this post