Nggawa Mlayu Duwit Bantuan Corona, Pamong Désa nang Brebes Ngaku Lagi Diudag-udag Utang – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Daerah Kota Tegal

Nggawa Mlayu Duwit Bantuan Corona, Pamong Désa nang Brebes Ngaku Lagi Diudag-udag Utang

Tapi saiki dhéwéké ngaku kajogan wis nglakokna kaya kuwé

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
4 Agustus 2020
2 min read
0
Embat Uang Bantuan COVID-19 Ratusan Juta Rupiah, Sekdes di Brebes Ngaku Sedang Terlilit Utang
Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Polisi ésih terus nylidiki kasusé pamong Désa Petunjungan, Kecamatan Bulakamba, Brebes sing huruf ngarepé IA (36). Wong sing jabatané dadi Sekertaris Désa (Sekdés) kuwé keancem ukuman abot merga ana unsur perkiraan tindak pidana korupsi.

“Ya jelas dhéwék tak aboti kasus nyolong duwit DD sing nggo BLT COVID-19. Dhéwék uga lebokna maring pasal tindak pidana korupsi (Tipikor),” omongé Kapolres Brebes AKBP Gatot Yulianto, dina Senen, 3 Agustus 2020.

Kaya sing wis dingerténi, duwit kuwé dana bantuan nggo warga sing keimbas pandemi virus corona (COVID-19). Jumlahé tekan Rp 231.896.700.

ADVERTISEMENT

Nang arepé petugas, pelaku IA ngakoni lan ngelom-ngelomi kelakuané. Dhéwéké duwe alesan, nglalu nglakoni aksiné merga lara ati karo Kepala Désa (Kades). Pelaku uga ngaku lagi diudag-udag utang.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

“Nyong kajogan, alesan nyong nglalu nglakoni kuwé soale lagi butuh duwit nggo nglunasi utang,” pungkasé.

Kaya dibritakna sadurungé, pelaku dicekel tim Gabungan Résmob Polrés Brebes lan unit Reskrim Polsek Bulakamba, dina Rebo (29/7/2020). Pelaku dicekel nang kos-kosan sing ana nang Kota Tegal.

“Dhéwék olih laporan seka pihak Pemdés Petunjungan soalé pelaku dinyana nggawa mlayu duwit DD. Mbaranganu anggota unit reskrim gerak luruh anané pelaku lan akhiré dicekel,” omongé Kapolsék Bulakamba AKP Widiaspo, dina Kemis 30 Juli 2020.

Dhéwéké ngomong, kedadénan molai wayah bendahara désa Petunjungan dibatiri aparatur désa liyané mangkat maring Bank Jateng Cabang Brebes, niat pan nyairna duwit DD.

ADVERTISEMENT

Sawisé njukut duwit kuwé, keloroné (bendahara lan aparatur desa) balik maring kantor désa. Latane nyokon duwit kuwé nang ngingsoréng salah sijineng méja nang ruangan.

“Ora suwé latané, wayah korban pan ngecék duwit kuwé, duwit kuwé wis laka nang genahé utawa ilang,” jaréné.

Saliyané ngamanna pelaku, pihak kepolisian uga ngamanna ana pirang barang bukti. Nang antarané, duwit tunai sing esih dikuasani pelaku segedhé Rp 122.169.000.

Lah, nggo barang bukti liyané sing diamanna, yakuwé sa unit motor Honda Scopy, ATM BRI siji, ATM BNI siji, alat EDC siji, HaPe merek Rédmi siji lan Buku tabungan/rekening penerima dana BLT DD. (*)

Tags: Berita ngapaksekdes ditangkapWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In