BREBES — Puluhan motor sing nganggo knalpot bobokan utawa brong dirazia daning jajaran Satlantas Polres Brebes, dina Saptu (15/1/2022) bengi. Razia kuwé diadakna nang pirang titik nang lampu bangjo nang wilayah kota-kota. Nang antarané, sekitar alun-alun Brebes lan dalan véteran.
“Akhir-akhir kiyé, dhéwék nampa akéh masukan seka masarakat sing pada krasa semrawud kekait raméné knalpot bobokan nang gili gedhé. Atas dasar kuwé, dhéwék lakoni razia lan penindakan tilang,” jaré Kasatlantas Polres Brebes AKP Endang Setianingsih, dina Minggu 16 Januari 2022.
Seka razia kuwé, polisi nilang lan ngamana selawé motor sing nganggo knalpot bobokan. “Nggo pelanggar sing nganggo knalpot bobokan dhéwék jukut tindakan tilang. Motor bisa dijukut tapi syarat kudu nggawa knalpot SNI latané dipasang nang motoré dhéwék-dhéwék,” jelasé.
Pelanggaran lalu lintas nggo wong sing nganggo knalpot bobokan kiyé, jaréné, nglanggar pasal 285 ayat 1 UU lalulintas taun 2009 ngenani lalu lintas dan angkutan jalan. Yakuwé kekait kelayakan téknis lan layak jalan.
Kasatlantas negasna lan nglaruhi, ébén masarakat ora maning-maning nganggo knalpot bobokan. Hal kuwé tujuané ébén keciptané keamanan keselamatan ketertiban kelancaran lalu lintas (Kamseltibcarlantas) sing kondusif.
“Dhéwék kandani sapisan maning, masarakat nganggo knalpot sing sesuai karo SNI baé. Aja nganggo knalpot bobokan, soalé ngganggu nemen pengendara liyané wayah nglinter nang gili gedhé,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post