PEMALANG – Komplotan wong sing ngroyok cah enom inisialé S nang Stadion Mochtar Pemalang pas dina Slasa (28/12/2021) dicekel daning polisi. Tersangka sing inisialé S (33), A (28), B (27) lan K (24), nganti dina Ahad (2/1/2022) ésih ditahan nang Mapolres Pemalang.
Kapolres Pemalang AKBP Ari Wibowo ngomong, sawisé ngroyok korban, pihaké langsung nangkep papat tersangka kuwé nang umahé dhéwék-dhéwék, dina Slasa (28/12) bengi. Gara-gara dikroyok, korban ninggal nang Rumah Sakit.
“Ke papat tersangka wis diamana, nganti saiki penyidik Satreskrim Polres Pemalang ésih nglakoni pemeriksaan inténsif maring para tersangka,” omongé.
Saliyané ngamana papat tersangka, Satreskrim Polres Pemalang uga wis ngamana ana pirang barang bukti nang TKP. Papat tersangka sing wis diamana dikenakna Pasal 170 KUHP karo anceman ukuman maksimal 12 taun penjara.
“Dhéwék ésih nglakoni pengembangan, ora nutup kemungkinan anané pelaku séjén sing mélu ngroyok korban, lan pan gagiyan dhéwék amana,” jaréné.
Sementara kuwé, Kapolda Jateng Irjen Ahmad Luthfi metung Kabid Humas Kombes Iqbal nyampékna béla sungkawa maring korban lan matur suwun maring anggota Polres Pemalang sing wis gerak cepet ngungkap kasus kiyé, lan janji pan nuntasna kasus kiyé anjog maring pengadilan.
“Dhéwék Polri mélu berbéla sungkawa lan pan tuntasna kasus kiyé,” pungkasé. (*)
—
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post