Ngungkuli Jakarta karo Jabar, Jateng Dadi Provinsi Paling Informatif sa-Indonesia – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ngungkuli Jakarta karo Jabar, Jateng Dadi Provinsi Paling Informatif sa-Indonesia

Jateng niléné 99,15 poin, disusul DKI Jakarta 99,07 karo Jabar 98,15.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
26 November 2020
2 min read
0
Lewat Konferensi Video, Ganjar Tampung Keluhan Pelajar di Jateng

Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo, Rabu (15/4) sore berkumpul bersama pelajar dari 35 Kabupaten/Kota lewat konferensi video. (Foto: Dok. Humas Pemprov Jateng)

Share on FacebookShare on Twitter

SEMARANG — Jawa Tengah dinobatna provinsi paling informatif nasional. Penghargaan neng bidang keterbukaan informasi publik kiyé ngungkuli DKI Jakarta lan Jawa Barat. Jateng dinyatakna paling informatif, sawisé ngumpulna nilé seakéh 99,15 poin, disusul DKI Jakarta 99,07 lan Jabar 98,15.

Malah seka kabéh kategori badan publik paling informatif, hasil angka Jawa Tengah yakuwé paling dhuwur. Nggo ketegori kementerian umpamané, Kementerian Pertanian sing dinobatna dadi paling informatif tingkat kementerian mung ngoléksi nilé 97,99. Sementara Lapan dadi lembaga negara non kementerian karo nilé 96,81, lan KPU dadi lembaga non struktural karo nilé 97,67.

Penganugerahan dadi Provinsi Informatif taun 2020 kiyé pancén dudu pertama kiyé diolihi Jateng. Neng taun 2017, Jateng dinobatna dadi peringkat II nasional, latané taun 2018 dadi juara 1 lan paling apik nasional.

ADVERTISEMENT

Barang kaya kuwé, neng taun 2019 Jateng olih maning prédikat dadi provinsi paling informatif. Tapi jeronéng penghargaan taun 2019, KI Pusat ora mékena peringkat maring sing pada nampa penghargaan. Latané neng taun 2020 kiyé, Jateng dinobatna maning dadi juara pertama kategori provinsi paling informatif tingkat nasional.

Baca Juga

Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

“Kiyé mbaléni seka pirang-pirang taun disit. Nganggo cara runtung-runtung, dhéwék juara terus,” omongé Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo wayah nampa penghargaan seka Komisi Informasi (KI) Pusat kuwé nganggo cara daring pas dina Rebo (25/11/2020).

Anané hasil kuwé, Ganjar nyampékna matur nuwun maring kabéh jajarané neng Pemprov Jateng. Soalé, kabehané wis gelem transparan, pan nginformasikna neng wong umum mugané apa sing dibutuhna masarakat bisa diolihi karo apik.

ADVERTISEMENT

“Masarakat olih ngarti lan olih ngakses informasi kuwé. Kanca-kanca nyong neng Pemprov kuwé, laka sing risih karo keterbukaan informasi. Kiyé bagian seka spirit dhéwék mbangun Jawa Tengah,” imbuhé.

Keterbukaan informasi publik lanjut Ganjar penting nemen wayah kiyé. Mugané, antara pemréntah lan masarakat bisa padha-padha ngarti apa sing digarap, lan kepibén cara nggarap kuwé.

“Penghargaan kiyé nggawa spirit dhéwék nggo terusan transparan lan akuntabel. Nyong ucapna matur nuwun, mugané dhéwék bisa olih penghargaan kiyé nganggo cara runtung-runtung,” jaréné.

Ganjar ngomong, kunci suksés dadi provinsi paling informatif yakuwé anané semangat seka kabéh pegawé neng Pemprov Jateng. Spirit lan jiwa seka kabéh jajaran Pemprov Jateng karo éling pan kebuka lan transparan nggo nglayani masarakat.

“Kabéh laka sing risih, apabaé sing kepéngin dingerténi masarakat bisa dibuka lan ditémpélna neng sistem informasi sing dhéwék duwéni,” terangé.

Malah keterbukaan informasi publik kuwé wis dilakoni Ganjar adoh sadurungé anané penghargaan seka KI Pusat. Sajegé periode pertama njabat, dhéwéké wis nglakoni upaya keterbukaan informasi publik, karo mbuka médsos lan wébsite dadi tempat mékena informasi.

“Muga-muga hasil kiyé bisa dipertahankena. Dadékna hasil kiyé wates minimal, nggo ningkatna nang taun-taun selanjuté. Mung kurang sacuil seka nilé 100, dadi gari dioyok kekurangan kuwé ébén selot apik,” tutupé.

Sementara kuwé, Wakil Persidén RI, KH Ma’ruf Amin ngaprésiasi sakabéhanéng pihak sing olih penghargaan keterbukaan informasi publik. Dhéwék ngarep-arep, penghargaan kiyé dadi pelecut semangat kabéh awak wong umum mékena keterbukaan neng masarakat wayah ngakses informasi.

“Sing wis dinyatakna informatif, nyong ucapna slamet lan ngarep-arep terus dipertahankena selot apik maning. Sing cukup informatif, kurang informatif apa ora informatif, dadiné kudu nglakoni akselerasi-akselerasi ébén bisa ngaplikasikna nilé transparansi lan akuntabilitas karo publik,” jaréné. (*)

Tags: JatengWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Lawasé 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran
Warta Ngapak

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In