“PAK Camat las-los ora ngandang kantor. Maring endi baé sih Pak? Enyong bolak-balik bol méné ora tau ketemu, sampéyan laka baé. Pan njaluk tanda tangan, angélé dubilah belis!”
“Iya Kang. Rapat saben dina kayong laka pedoté.”
“Sing diomong apa baé sih Pak?”
“Macem-macem. Wong kiyé bé pan rapat maning koh. Ndélén sampéyan pan perlu apa sih?”
“Tanda tangan Pak.”
“Wis gagiyan mlebu. Nyong wis ditunggu Pak Wali.”
Dialog nang duwur kedaian antarané Pak Camat karo wargané, coba dirongokna ning kuping nggiwar beléh? Rasa-rasané kayong ngempra! Kira-kira angger saben dina Kemis nang Pemerintahan Kota Tegal ASN wajib ngomong nganggo bahasa Tegal, kepimén? Bisa dibayangna sénggané Pak Walikota ketekan bawahan latané omong-omongané kaya dialog nang nduwur, macem beléh ya? Jaré wong Tegal kayong njangkar alias nrocok!
Jon Dapuk, sakalé asli wong Tegal, nalika ngrongokna obrolan antara Pak Camat kambén wargané nggunakna bahasa Tegal, nang kupingé rasané panas. Seumpama bahasa Tegal mlebu nang pendidikan formal dadi mata pelajaran Mulok, awit bocah SD tekan SLTA apa sing bakal kedadén?
Mbayangna bab sing kaya kuwé, atiné Jon Dapuk ngeri. Kayangapa angger bocah-bocah SD ngomong maring guruné nganggo bahasa Tegal?
“Bu Guru kayong las-los baé sih? Maning-maning lunga, maning-maning lunga. Dongé sing dilakoni apa?”
Coba, sénggané bocah-bocah SD ngomongé kaya kuwé, jan nang weteng apa beléh enek? Bab kiyé sing akhiré dadi obrolan wong papat antarané Sidul, Darto, Kapér, uga Jon Dapuk nang Pos Ronda, sehubungan Walikota Tegal duwé kebijakan saben dina Kemis, anak buahé wajib nganggo pakéan adat khas Tegal. Bab kuwé sesuwé kebijakan Walikota liwat Surat Édaran Walikota Tegal Nomor 065.5/001 Tanggal 31 Désémber 2019.
Miturut Darto, angger saben Kemis para pegawé negeri dikongkon nganggo pakéan adat khas Tegal, ora dadi soal. Wong niatané kanggo upaya melestarikan budaya Tegal. Jempolan!
“Tapi nék diwajibna ngomong tegalan, rasané kurang tata krama. Ora mbejajéni. Sebab apa? dialék Tegal kuwé nadané medok! Nang kuping panas. Mendingan nganggo bahasa Indonesia dadi sepadan, laka sing direndahna uga diagungna. Nék nganggo bahasa kromo, kedudukané ora bener pisan. Sebab apa? Ana sing direndahna lan ana sing diagungna. Sedeng budaya Tegal ora kaya kuwé. Mung iya kuwé, nék nggunakna bahasa Tegal, ya ora cocok. Kejaba nék sekedar kanggo obrolan ora resmi, malah tambah gayeng.” Kiyé omongé Darto.
“Dadi intiné, bocah sekolah mendingan nganggo bahasa Nasional, To?” takoné Sidul.
“Mituruté yanu iya.”
“Angger mituruté kowen pimén, Pér?” Sidul mbalang pitakonan njaluk pendapaté Kapér.
“Nyong idem apa sing diomong Darto. Enyong wong Tegal deles, tapi angger krungu bocah cilik ngomong maring wong tuwa nganggo bahasa Tegal, atiné enyong radan mrinta. Kesané njangkar, ora duwé adat ketimuran,” alesané Kapér.
“Angger pendapaté kowen pimén Jon?” takoné Sidul mirip-mirip wartawan sing lagi wawancara.
Kaya biasané sadurungé njawabi pitakonan, Jon Dapuk ngangkat gelas wédang poci latané sesruputan rong sruputan diinung. Sauwisé kuwé
déwéké nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Jon Dapuk.
“Mau ésuk nyong maring Kantor Kecamatan pan wawancara karo camaté krungu omongan antara Pak Camat karo warga nganggo bahasa Tegal. Pas kebeneran dinané Kemis, sing sapa baé duwé urusan maring kantor pemerintahan kudu nggunakna bahasa Tegal. Nah, nalika nyong krungu obrolané, kupingé enyong kayong ora nrima lan atiné nyong miris. Isin ngrongokenané.”
“Dadi kanggo énté, bahasa Tegal ora pas dinggo nang kantor-kantor, Jon?” takoné Darto medot omongané Jon Dapuk.
Jon Dapuk mantuk.
“Bahasa Tegal, mbuh pibén-pibén kudu dilestarikna owh Jon. Angger wong Tegalé ora nguri-nguri bahasa Mané bakal ilang. Mituruté kowen supaya bahasa Tegal lestari, kudu kepimén?” takoné Kapér.
“Mituruté enyong, bahasa Tegal pancén kudu dilestarina supaya ora punah. Tapi carané ora kaya kuwé. Enyong luwih sepakat bahasa Tegal didadékna bahasa sastra kaya sing dilakoni Komunitas Sastrawan Tegalan, awit didadékna karya sastra puisi, cerpén, naskah drama uga syair lagu Tegalan….”
“Cocok. Enyong setuju satus prosén. Uga salut maring Komunitas Sastrawan Tegalan kosih seprapat abad punjul gemati nguri-nguri bahasa Manéné léwat karya sastra!” timpal Kapér nugel omongané Jon Dapuk.
“Mulané, nyong kurang sepakat adong nang sekolah bahasa Tegal dadi mata pelajaran: Mulok. Sebab apa? Murid karo guruné saben dinané wis biasa ngomong Tegal. Luwih pas, malah diajarna Sastra Tegalan. Sedeng prosés belajar-mengajaré nganggoné bahasa Indonesia. Keuntungané apa? Bahasa Tegal dadi luwih aji, terpelajar, uga duwé martabat duwur. Kur liwat sastra, bahasa Tegal terhomat lan katon prétisius,” omongané Jon Dapuk latané ditimpali Kapér.
Jaré Kapér, déwéké malah salut por maring langkah Universitas Pancasakti (UPS) Tegal sing wis rong taun punjul nguri-uri bahasa Tegal liwat gerakan Sastra Tegalan, dadi salah siji mata kuliah nang FKIP jurusan Bahasa dan Sastra.
“Jujur baé, nyong ngacungi jempol maring UPS wis ndisiti nggedékna Sastra Tegalan liwat mata kuliah. Kanggo enyong, bab kuwé langkah cerdas. UPS bener-bener njunjung duwur maring bahasa Tegal liwat gerakan Sastra Tegalan sing wis dipelopori Komunitas Sastrawan Tegalan!” omongé Kapér mulad-mulad kaya lagi maca puisi Tegalan.
“Kuwé sing tak maksud, njunjung duwur nilai luhur bahasa Tegal. Ya… luwih tepaté nganggo gerakan Sastra Tegalan dudu saben dina Kemis, Pemkot Tegal ngongkon pegawé negeriné ngomong nganggo bahasa Manéné. Jaré enyong kayong wagu tur ora mbejaji!” Jon Dapuk nutup obrolan. (@)
——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post