Ni’mah Béragé Por Produké Laris Manis Sawisé Diiklana Daning Artis – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ni’mah Béragé Por Produké Laris Manis Sawisé Diiklana Daning Artis

Dhéwéké usahané nggawéni aksesoris pengantén.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
30 November 2020
2 min read
0
Ni’mah: Pesanan Aksesoris Pengantin Melonjak Setelah Produk di-Endorse Artis

Arofatun Ni'mah, Owner Ornate Handicraft

Share on FacebookShare on Twitter

LESUNÉ dunya usaha merga pageblug corona ora nggawé UMKM pengrajin aksesoris pengantén nang Kabupatén Tegal pedot pengarepan. Tapi pengrajin terus berkarya nggo nambahi stok wayah ana imbauan nang umah baé nang wayah pageblug. Lan, luruh trobosan wayah promosi produk nang media onlén.

Kaya sing dilakoni Ornate Handicraft, UMKM pengrajin aksesoris seka Désa Balapulang Wetan Kecamatan Balapulang Kabupatén Tegal.

“Wayah ana imbauan nang umah baé, ora olih nganakna aktivitas gedhé lan liyané, nyong nang umah nggawé stok barang aksesoris pengantén. Nang pas kuwé babar blas laka oderan utawa pesenan. Barang sing dhéwék gawé ora metu,” tuturé Arofatun Ni’mah, Owner Ornate Handicraft maring PanturaPost, dina Jemuah (26/11/2020).

ADVERTISEMENT

Ni’mah ngakoni kondisi pageblug sempet nggawé kéder soalé laka pesenan. Tapi dhéwéké terus luruh peluang nggo mromosikna kerajinané. Kebeneran nang media sosial uga akéh éndorse sing mbuka postingan gratis.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

“Mauné ora ngandel. Sawisé cacak kirim poto lan gambar maring éndorse terus, eh ora méné ya photoné diposting. Pas kuwe nyong cacak kirim poto lan gambar aksesoris sing nyong gawé maring salah siji artis kaya make up artis Bandung. Jebulé aksesoris nyong ditawakna nggo diposting artis kuwé,” ungkapé Ni’mah tanpa nyebut arané artis kuwé.

Seka postingan kuwé, Ni’mah nglanjutna, pesenan aksesoris pada teka. Malah pesenan teka seka luar kota. Termasuk seka luar Jawa. “Nyong ya kuwalahan wayah nggawé aksesoris. Akhiré nyong ngrekrut karyawan nang umah. Awalé nyong ngrekrut karyawan rong wong. Tapi jebulé ésih kuwalahan. Dadi nambah wong maning nggo njait karo masang payet,” ungkapé.

Sadurungé pageblug, Ni’mah bisa nrima 15 pesenan neng sawulané. Tapi sawisé wayah pageblug, mung 1 pesenan neng sawulané. Malah laka babar blas pesenan. Tapi, sawulan mburi-mburinan kiyé, sawisé aksesorisé dipromosikna, molai akéh pesenan.

ADVERTISEMENT

“Malah neng sa wulan, ana 30 pesenan,” omongé Ni’mah karo raut rai bungah.

Wayah proses gawé produk aksesoris pengantén, neng 1 produk kuwé, ana sing kudu digarap sekitaré loro utawa telung dina. Uga ana sing bisa rampung neng sadina.

“Pesenan aksesoris pengantén kuwé akehé seka luar kota karo luar Jawa. Kaya kudung pengantén, mahar lan liyané, akehé pesenan metung media onlén kaya instragram,” ungkapé.

Ni’mah krasa seneng soalé pesenan tambah akéh. Luwih-luwih bisa bagi-bagi pegawéan karo tangga. Mugané tangga bisa olih penghasilan tambahan. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Aksesoris PengantinWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In