Njambrét HaPé nang Dalan, Bocah Dalanan nang Brebes Dikréok Polisi sing Lagi Ngawal Vaksin Corona - Panturapost.com
Senin, Maret 1, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Njambrét HaPé nang Dalan, Bocah Dalanan nang Brebes Dikréok Polisi sing Lagi Ngawal Vaksin Corona

Pelakuné ngancem pan nunjleb angger HaPé-né ora diwékena.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2021/01/25 8:44pm
2 min read
0
Saat Kawal Vaksin di Brebes, Polisi Amankan Dua Jambret Handphone di Jalur Pantura

Dua pelaku jambret handphone diamankan petugas kepolisian.

294
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

BREBES — Polisi akhiré bisa ngréok rong pelaku sing njambrét nang gili gedhé Pantura Gajahmada Brebes, dina Minggu (24/1). Keloroné dicekel petugas sing pas kuwé lagi ngawal vaksin COVID-19 nang gudang farmasi ndéké Dinkes Brebes. Pelaku yakuwé warga Kecamatan Bulakamba, yakuwé Dulmajid lan Slamet. Dhéwéké dicekel ora let suwé sawisé njambrét HaPé nang dalan.

Pas kuwé, ke loro pelaku lan korban bareng-bareng ndayak trek seka Kota Tegal karo tujuan maring Brebes. Jaréné Ihsan Munaim (14), warga Ciledug, Kabupaten Cirebon, dhéwéké karo rombongan mbené baé dolanan nang Pantai Alam Indah (PAI) Tegal.

Wayah balik, dhéwéké karo rombongan ndayak trek bareng karo pelaku. Nang dalan, jaré Ihsan, salah siji pelaku nyilih HaPé-né korban. “Ujug-ujug pelaku mojar lan nyamperi korban, angger HaPé-né nggo nyong baé, terus nyong jawab aja kuwé nggo sekola. Terus dhéwéké (pelaku) mojar angger belih olih mengko nyong tunjleb kowen,” omongé Ihsan nirokna omongané pelaku.

Sawisé ngrebut HaPé ndéké korban, latané pelakuné pada minggat. Barang kaya kuwé, korban ngorong-ngorong njaluk tulung. Kebeneran, belih adoh seka lokasi kedadénan, ana anggota polisi sing lagi ngamankna vaksin sing mbené teka seka Semarang. Lan anggota polisi kuwé akhiré bisa ngamankna ke loro pelaku.

Baca Juga

Pirang-pirang Rasane Sawise Disuntik Vaksin Corona, Akehe Pada Ngantuk karo Mangane Kemaruk

Pirang-pirang Rasane Sawise Disuntik Vaksin Corona, Akehe Pada Ngantuk karo Mangane Kemaruk

28 Februari 2021
Jalan Pantura Rusak Parah, Ganjar Panggil Pengelola Jalan Nasional

Dalan Pantura Akéh sing pada Bodhol, BBPJN Diundang Ganjar Maring Kantor

24 Februari 2021
Tenaga Kesehatan di Jatinegara Terpaksa Jalan Kaki 5 KM Akibat Jalan Rusak

Dalané Bodhol, Tenaga Keséhatan nang Jatinegara Kepaksa Mlaku Limang Kilo Nggo Nglayani Warga

24 Februari 2021
Siap-siap! Malam Ini PDAB Jateng Mulai Uji Coba Alirkan Air PAM

Dandanan Pipa Transmisi nang Kalibakung Pragat, Banyu Bersih Wis Mili 40 Persén

23 Februari 2021

Wayah dijaluki keterangan daning petugas, salah siji pelaku Dulmajid ngaku mbené pertama pisan nglakoni aksi kuwé. Dhéwéké ngrebut karo bocah dalanan sing bareng sa trek (ndayak). “Dudu jambrét, malak. Biasalah pak bocah dalanan,” ngakuné Dulmajid.

Sementara kuwé, Kanit Dalmas Polrés Brebes Ipda Joko Widiyanto ngomong, saiki ke loro pelaku wis diamankna pihak kepolisian lan digawa maring Polsék Brebes. Sadurungé dicekel, ke loro pelaku sempet minggat tapi akhiré bisa diamankna belih adoh seka lokasi kedadénan.

“Awalé siji pelaku bisa diamankna. Ora let suwé, merga anggotané sigap, siji pelaku liyané bisa diamankna maning. Lan keloroné saiki wis diamankna nang Polsék Brebes,” omongé Joko Widiyanto. (*)

Tags: Bahasa NgapakOra Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Tim Gabungan Jatanras dan Resmob Brebes Lumpuhkan 2 Pencuri Truk Lintas Provinsi
Warta Ngapak

Gawé Ruwed Tok! Garong Loro sing Biasa Nyolongi Trek Dibedhil Kémpolé Daning Polisi

28 Februari 2021
Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal
Warta Ngapak

Tambang Wedhi nang Kali Pedes Tonjong Ora Sida Ditutup, Mung Aktivitase Dibatesi

28 Februari 2021
Warga Sigambir Brebes Pergoki Pencuri Congkel Kotak Amal Musala
Warta Ngapak

Nang Sigambir Brebes Ana Maling Kotak Amal Musola, Untung Baé Ora Digebugi

26 Februari 2021
Ganjar Heran dengan Konflik Kepemimpinan di Kota Tegal: Apa perlu Diruwat Ya?
Warta Ngapak

Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

26 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X