BREBES — Wong papat sing njukut paksa jenazah pasién COVID-19 nang RSUD Brebes akhiré dadi tersangka. Soalé, wong-wong kuwe wis ngrusak fasilitas kesehatan lan fasilitas umum ndéké rumah sakit.
“Ya sadurungé dhéwék amankna patbelas wong. Saiki patang wong dhéwék tetapna dadi tersangka,” omongé Kasatréskrim Polrés Brebes AKP Agus Supriyadi, dina Senén (28/12/2020).
Saiki, jaré dhéwéké, patang tersangka wis ditahan nang rutan Mapolrés Brebes. Ke papat tersangka masing-masing huruf ngarepé BS, IF, K lan M. Kepapaté nduwéni peran dhéwék-dhéwék, yakuwé ngompori, ngrusak lan njukut jenazah sing kekonfirmasi positif COVID-19.
Gara-gara kelakuané, jaré Kasatréskrim, pelaku diancem Pasal 170 KUHP kekait bareng-bareng nglakoni kekerasan maring wong utawa barang lan Pasal 93 Undang-undang Nomer 6 Taun 2018 ngenani karantina kesehatan. “Nggo anceman ukumané, kurungan penjara nang ndhuwur limang taun,” omongé.
Kaya dibritakna sadurungé, rusuh kedadén nang RSUD Brebes, dina Saptu 26 Désember 2020 ésuk sekitar jam wolu. Puluhan warga teka lan ngusel manjing Rumah Sakit nggo mapag paksa jenazah pasién COVID-19 sing ésih ana nang ruang isolasi.
Diréktur RSUD Brebes drg Oo Suprana ngiyakna peristiwa kuwé. Jaré dhéwéké, karo ndobrag lan mbodhol lawang kaca utama, warga maksa maring njero RSUD. Merga kedadénan kuwé, Satpam loro sing lagi njaga nang lawang utama pada luka lan pirang-pirang fasilitas nang njero uga dibodhol warga. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post