TONJONG – Ora kaya biasané, dina Saptu (15/8/2020) ésuk, katon akéh wong pada kumpul nang Kali Longkrang, Désa Karangjongkeng, Kecamatan Tonjong Kabupatén Brebes. Jebulané atusan wong kuwé pada kerja bakti njukuti runtah. Aksi kuwé diadakna nggo nyambut Hari Ulang Tahun ke-75 Republik Indonesia (RI).
Runtah sing dituturi akehé plastik limbah umah tangga. Ana pirang klompok sing mélu kebagi seka warga lokal, Karang Taruna Kecamatan Tonjong, Relika, Gestur, MWC Ansor Kec Tonjong, TNI, Mahapala Bumi, Perpus Padon Désa, lan Mapala Sakti.
“Dhéwék akoni prilaku masarakat ésih kurang pas jeronéng ngguwang runtah mugané prilaku kiyé perlu diubah,” omongé Lurah Desa Karangjongkeng, Abdul Mukhit.
Dhéwéké ya pan nginténsipna kampanye pola urip waras karo ora ngguwang runtah sekarepé dhéwék utawa sembarangan. Karo kaya kuwé diarep-arep lingkungan sakoloman dadi resik lan waras.
Sementara kuwé, Ketua Karang Taruna Kecamatan Tonjong, Rosihan, ngomong Karang Taruna Kecamatan Tonjong aktif terus nang jero kegiatan-kegiatan masarakat. Termasuk resik-resik kali.
“Alesan resik-resik soalé kali yakuwé salah siji sumber urip. Mugané keresikan lan kelestariane perlu dipertahanna,” omongé Rosihan. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post