Nyebarna Hoax Demo PPKM Darurat nang Alun-Alun Brebes, Wong Kiyé Dicekel Polisi – Panturapost.com
Rabu, Mei 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Nyebarna Hoax Demo PPKM Darurat nang Alun-Alun Brebes, Wong Kiyé Dicekel Polisi

Pelaku sing huruf ngarepé MK kuwé saiki lagi nglakoni prosés pemeriksaan nang Mapolrés Brebes.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
20 Juli 2021
2 min read
0
Polisi Amankan Seorang Warga yang Diduga Sebar Hoax Demo PPKM Darurat di Alun-Alun Brebes

Kasatreskrim Polres Brebes AKP Hadi Handoko

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES — Tim Satréskrim Polrés Brebes nyekel pelaku sing dinyana nyebarna informasi hoax utawa goroh anané démo nolak PPKM Darurat nang Alun-alun Kota Brebes, dina Senén (19/7/2021). Pelaku sing huruf ngarepé MK kuwé saiki lagi nglakoni prosés pemeriksaan nang Mapolrés Brebes.

Kasat Réskrim Polrés Brebes AKP Hadi Handoko ngomong, pelaku sing nyebarna hoax nang médsos wis dicekel daning polisi.

Dhéwéké nerangna, kasus kuwé awalé seka nyumulé postingan vidio unjuk rasa karo keterangan ‘Situasi Brebes Pada Saat Ini’. Vidio démo kuwé diunggah nang médsos facebook daning akun MK nang dina Minggu (18/7/2021). Padahal pas kuwé nang Alun-alun Brebes laka aksi unjuk rasa.

ADVERTISEMENT

“Pelaku wis dicekel lan lagi dhéwék priksa luwih lanjut daning penyidik,” omongé Hadi Handoko.

Baca Juga

Lagi-Lagi Meresahkan, 7 Anak Jalanan Diamankan Tim Satpol PP Brebes

Gawé Ringsang, Bocah-bocah Punk nang Brebes Diréok Satpol PP

26 Mei 2023
Tak Lagi Rp 20.000, Tiket Masuk Pancuran 13 Wisata Guci Tegal Kini Hanya Rp 7.500

Murah! Tiket Mlebu Pancuran 13 Guci Tegal Saiki Mung Rp 7.500

23 Mei 2023

Nganggo dasar hasil pemeriksaan tim penyidik, jaréné, vidio unjuk rasa sing diunggah daning pelaku kuwé yakuwé vidio lawas. Yakuwé, vidio unjuk rasa wayah nolak Undang-undang Cipta Kerja nang taun 2020.

Nggo modus sing dilakoni pelaku, dhéwéké nglanjutna, karo ngunggah situasi démo nang taun disit. Tapi, ditambahna keterangan tulisan sing kayongé dadi kedadénan anyar. Saliyané geger nang médsos, unggahan vidio kuwé uga nggawé was-was masarakat lan sing nganggo médsos.

“Neng adepan penyidik, pelaku MK ngakoni ari dhéwéké o sing wis ngunggah vidio kuwé. Lan saiki, dhéwék ésih njeroni kasus kiyé. Termasuk motif pelaku wayah ngunggah vidio kuwé maring médsos,” ungkapé.

Hadi nerangna, angger pelaku sing ngunggah vidio kuwé, merga dhéwéké krasa kangélan gara-gara anané PPKM Darurat. Mugané, sing duwé sangkutan nggawé postingan kuwé nggo ngejak warga liyané mélu démo nolak anané PPKM Darurat.

ADVERTISEMENT

Gara-gara kelakuané, pelaku keancem Pasal 15 Undang-undang Nomer 1 taun 1946 ngenani berita goroh, lan bisa diancem ukuman maksimal rong taun penjara.

“Dhéwék ngandani maring masarakat nggo ora ngunggah vidio sing durung karuan saluguné. Aja kepangan informasi hoax sadurungé bener-bener diklarifikasi daning sumber sing jelas,” ungkapé.

Neng sisi liya, maring kabéh admin médsos, dhéwéké ngandani ébén nyaring apa ora nglolosna postingan utawa unggahan sing bisa ngakibatna masarakat pada reg.

“Pancén saiki dhéwék lagi nerapna PPKM Darurat, angger nggawé was-was lan berita hoax dibusek baé. Hayuh yuh bareng-bareng nglakoni aturan sing ana. Toli dhéwék ngandani maring masarakat nggo ora nyebarna berita hoax,” pungkasé. (*)

 

Disunting: Irsyam Faiz

Tags: Berita HoaxPPKMPPKM Darurat di BrebesWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Beberapa Pekan Tidak Hujan, Petani di Balapulang Tegal Mulai Gelisah
Warta Ngapak

Wis Suwé Ora Udan, Petani nang Balapulang Tegal Molai pada Bingung

28 Mei 2023
Lagi-Lagi Meresahkan, 7 Anak Jalanan Diamankan Tim Satpol PP Brebes
Warta Ngapak

Gawé Ringsang, Bocah-bocah Punk nang Brebes Diréok Satpol PP

26 Mei 2023
Penahanan Sopir dan Kernet Bus Kecelakaan di Guci Ditangguhkan, Polres Tegal: Ada Jaminan Keluarga
Warta Ngapak

Diréwangi Hotman Paris, Supir Bis Kasus Kecelakaan nang Guci Akhiré Ora Ditahan

25 Mei 2023
Tak Lagi Rp 20.000, Tiket Masuk Pancuran 13 Wisata Guci Tegal Kini Hanya Rp 7.500
Warta Ngapak

Murah! Tiket Mlebu Pancuran 13 Guci Tegal Saiki Mung Rp 7.500

23 Mei 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Umar, Perajin Replika Robot di Tegal Terus Berinovasi, Kini Bikin Becak Robot dari Barang Bekas

  • Christine Hakim Kunjungi Spasi Saat Syuting di Tegal

  • 67 Pengurus ASKAB Brebes Masa Bakti 2023-2027 Resmi Dilantik

  • Bupati Tegal Sambut 32 Biksu Thudong di Purin, Biksu Kantadamo: Terharu Pada Toleransi Umat di Indonesia

  • Tak Lagi Rp 20.000, Tiket Masuk Pancuran 13 Wisata Guci Tegal Kini Hanya Rp 7.500

  • Balawana Park, Tempat Nongkrong Baru di Tengah Hutan Jati Balapulang Tegal

  • Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 56.9k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In