PEMALANG — Rong santri Pondok pesantrén (Ponpes) Bahrul Ulum Désa Suru, Kecamatan Bantarbolang, Kabupatén Pemalang kegéréd arus Kali Comal nang désa kuwé, dina Ahad (3/7/2022). Salah siji korban ninggal dunya merga klelep lan siji korban liyané berhasil dislametna daning warga sing nglinter nang sekitar lokasi.
Kepala Badan Penanggulangan Bencana Daérah (BPBD) Pemalang, Sugiyanto pas dikonfirmasi ngiyakna anané kedadénan kuwé. Jaréné, kedadénan kuwé sekitar jam loro awan. Kobané Deni (15) warga seka Désa Petarukan.
Awalé korban bareng karo batir-batiré lunga mlaku-mlaku maring Petarukan karo nyebrangi aliran Kali Comal ébén jarak tempuh luwih perek. Tapi, pas nyebrangi kali, korban malah kegéréd arus kali sing lumayan deres nganti akhiré klelep.
“Dadi korban kiyé bareng-bareng karo batiré lunga maring Petarukan, motong dalan utawa nrobos ébén cepet anjog, yakuwé nyebrangi aliran kali,” jaréné.
Kekait kedadénan kiyé, pihaké nampa laporan anané wong klelep nang kali sekitar jam papat soré. Saliyané kuwé, saksi sing weruh kedadénan uga nglaporna maring perangkat désa sing latané dilanjutna maring Polsek Bantarbolang.
Seka keterangan pelapor, korban bareng-bareng karo batiré nyebrangi Kali Comal, soalé kepéngin cepet. Ora muter adoh. Dhéwéké ora metung brug. “Dinyana loro santri kuwé kegawa arus sing lumayan deres, tapi batiré korban berhasil dislametna daning bocah-bocah sing lagi liwat nang sekitar brug,” ungkapé.
Olih laporan kuwé, BPBD Pemalang nerjuna tim lan bareng karo rélawan liyané nggolét korban. Rélawan nyusuri kali nggunakna sa unit prau karét. Sekitar jam lima soré, korban berhasil ditemukna. Tapi wis ninggal dunya.
“Jenazah korban latané digawa maring Balai Désa Suru, Bantarbolang, nggo selanjuté diwékena maring pihak kluwarga,” jelasé. (*)
Discussion about this post