TEGAL – Ombak nang laut lor Jawa Tengah diperkirakna munggah tekan 1,25 meter nganti 2,5 meter molai dina Jemuah (21/8/2020) nganti dina Minggu (23/8/2020). Kuwe sing mrédiksi Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG). Dudu dukun.
Masarakat sing nang pesisir pantai kaya nang Tegal lan sekitaré, ebén tetep merhatikna protokol keslametan. Termasuk wong-wong sing pada plesiran nang pantai aja pada adus-adusan disit.
“Iya ombak lagi dhuwur. Kaya nang rilis BMKG Maritim Semarang sing mékena peringatan dini anané ombak dhuwur,” omongé Prakirawan BMKG Kota Tegal, Hendy Andriyanto, wayah dikonfirmasi, dina Jemuah (21/8/2020).
Hendy ngungkapna, ngleboni masa cuti utawa prei dawa minggu kiyé, objek wisata pantai pancén pan ditekani daning wong plesiran.
“Imbauan nggo masarakat nang wilayah Pantura sing pan plesiran maring daerah pantai lan sekitaré ebén tetep njaga jarak aman seka pinggir pantai,” terangé Hendy.
Hendy uga njaluk, ebén aktivitas nang laut kaya numpak prau, inggek, nganti nyilem sementara ora dilakoni.
“Soalé ombak laut lumayan dhuwur lan nrawasna. Njaluk ebén didadékna perhatian,” omongé Hendy.
Sementara kuwé, pantauan PanturaPost.com nang Objek Wisata Pantai Pulo Kodok, Kelurahan Panggung, Kecamatan Tegal katon dikebeki daning wong sing pada plesiran. Mbuh kuwé tah warga lokal utawané seka daerah liyané.
Pihak pengelola seka Kelompok Sadar Wisata (Pokdarwis) sing diketuani daning Kasiran, uga mudun langsung nggo mékena imbauan. Kasiran lan tim pengaman, malah pada jaga-jaga utawa siaga karo nggunakna klambi pelampung, lan alat penyelamatan liyané.
Sayangé, senajan wis diélingna, ésih ana baé wong plesir sing bandel pada adus nang laut. Akehé, yakuwé bocah-bocah senajan diawasi daning wong tuwané.
Kasiran nyampékna, ombak dhuwur kedadén awit esuk, dina Jemuah (21/8/2020). Dhéwéké nyatakna tetep mékena arahan lan imbauan ebén sementara wong sing pada plesir ora adus nang laut soalé nrawasna.
“Ya imbauan wis dhéwék sampékna maring pengunjung. Malah tim uga mudun langsung termasuk nggo ngawasi wong sing pada plesir,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post