BREBES — Petugas Pemadam Kebakaran (Damkar) Kabupatén Brebes sempet kagét wayah nrima panggilan darurat seka ibu-ibu sing arané Muslimah, dina Saptu (21/11/2020). Lewat tlépon, karo gugup, ibu-ibu kuwé njaluk petugas Damkar teka maring umahé. Dhéwéké njaluk tulung petugas nggo nyopot ali-ali sing nyangkol neng jentiké anaké.
“Wingi ana undangan darurat. Dhéwék pikir ana kobongan. Ngartiné ana ibu-ibu njaluk tulung nggo ngesotna ali-ali sing kesangkut nang jentiké anaké,” jaré Komandan Unit Damkar, Kuswanto, dina Minggu (22/11/2020).
Olih laporan seka masarakat kuwé, petugas ya langsung gerak cepet nuju maring umahé pelapor nang Banjaratma, Brebes. Petugas usaha nyopot ali-ali sing nggatol nang jentik tangan bocah kuwé. Sapisan-sapisan korban sempet mringis lan kringeten merga alat grinda sing dienggo petugas ngenani tangané.
Petugas Damkar sing wis profesional nangani kasus kiyé ping kopang-kaping nacak ngeneng-ngenengna bocah kuwé. Petugas uga terus netesna banyu nggo ngurangi panas gesekan sing ditokna grinda.
Hasilé, belih nganti 20 menit, ali-ali sing nggatol nang jentik telunjuk tangan tengen nomnoman kuwé bisa ucul senajan kudu ditugel.
Kuswanto mengungkapan pihaké siap ngréwangi warga sing mbutuhna pertolongan gratis alias ora sah mbayar babar blas. “Jam piraha lan kapan uga dhéwék siap ngévakuasi warga sing njaluk pertolongan utawa rewangan sing wis dadi tugasé dhéwék,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post