Ora Gelem Ditertibna, Emak-emak PKL nang Kota Tegal Ngancem Ngobong Awaké Dhéwék - Panturapost.com
Selasa, Maret 9, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ora Gelem Ditertibna, Emak-emak PKL nang Kota Tegal Ngancem Ngobong Awaké Dhéwék

Awaké wis kesiram bengsin, untung baé koreké bisa direbut satpol PP.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
26 Oktober 2020
2 min read
0
Viral Video Keributan Satpol PP dan PKL di Alun-alun Kota Tegal, Ini Penjelasan Polisi

Aksi percobaan bakar diri dicegah Satpol PP Tegal. (Foto: Istimewa)

135
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL– Aksi pirang petugas Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) ribut karo wong dagang sing mangkal nang kawasan Alun-alun Kota Tegal, Jawa Tengah heboh nang fesbuk. Salah sijiné neng njero vidio sing dibagikna daning akun fesbuk Eka Pribadi, dina Jemuah (23/10/2020).

Neng njero vidio sing dawané 46 detik kuwé katon ana pirang anggota Satpol PP lagi ngamanna emak-emak sing lagi dagang. Suwara sruwangan wong nangis lan rusuh katon krungu. Daning sing ngaplod vidio, disogi keterangan, “Kepibén jaré rika, bandingna karo ditutupé tempat karoké. Dongé bedané apa, bakul kaki limahan karo bakul karoké, wong pada baé dodolé nang pinggir dalan.”

Informasi sing ditampa Panturapost.com, vidio kuwé kedadén nang dina Jemuah (16/10/2020) wingi. Tepaté wayah anggota Sapol PP nertibna wong dagang sing mangkal nang kawasan Alun-alun sing pancén dipenging dodolan soalé lagi ana revitalisasi.

Kasat Réskrim Polrés Tegal Kota AKP Syuaib Abdullah ngomong, pihaké ngaku wis weruh vidio sing viral kuwé. Malah ana pirang anggota Satpol PP pirang dina sawisé kedadénan sempet wadul maring polisi.

Baca Juga

Dicuci di Sungai, Mobil Pikap di Pruwatan Hanyut Terbawa Arus

Udan Gedhé, Nang Bumiayu Ana Kol Bak Kéli Kegéréd Banjir neng Kali Pemali

8 Maret 2021
Diduga Korsleting, Mobil Tiba-tiba Keluarkan Asap hingga Terbakar Saat Melaju di Kota Tegal

Diduga Korsleting, Mobil Tiba-tiba Keluarkan Asap hingga Terbakar Saat Melaju di Kota Tegal

6 Maret 2021
Jalan Kalibakung Sudah Bisa Dilalui Mobil, Namun Kondisi Jalan Bergelombang

Gili Gedhé Kalibakung Wis Bisa Diliwati Mobil, Tapi Dalané Mbrenjel-mbrenjel

1 Maret 2021
Tim Gabungan Jatanras dan Resmob Brebes Lumpuhkan 2 Pencuri Truk Lintas Provinsi

Gawé Ruwed Tok! Garong Loro sing Biasa Nyolongi Trek Dibedhil Kémpolé Daning Polisi

28 Februari 2021

“Pirang anggota Satpol PP pada wadul merga perkiraan disiram bengsin daning salah siji wong dagang. Dadi mung wadulan dudu laporan polisi resmi,” omongé Syuaib, wayah dibell, dina Saptu (24/10/2020).

Merga dasar wadulan kuwé, pihaké latané langsung nylidiki. Hasil penyelidikan awal polisi, wong dagang sing dingerténi arané Yuli malah ora dikropok Satpol PP. Pas kuwé, Yuli ora gelem lapak dagangané diamanna daning Satpol PP lan milih nyiramna bengsin maring awaké sing uga maring awaké pirang anggota Satpol PP.

“Dadi wong dagang kiyé sadurungé nyiram awaké dhéwék karo bensin, latané maring Satpol PP. Lan ngomong hayuh mati bareng,” jaré Syuaib.

Nggo ngadohi hal sing ora dikepéngini, petugas Satpol PP usaha ngrebut korek mancis seka tangané Yuli sing pan ngobong awaké dhéwék. “Pas kuwé, Satpol PP usaha ngrebut korek mancis seka Yuli sing pan ngobong awaké dhewek. Soalé angger diurubna bisa kekobong kabéh. Ora mung Satpol PP, tapi uga dhéwéké,” omongé.

Merga kuwé, Syuaib negasna, diomongna Satpol PP ngropok wong dagang kaya neng njero vidio viral kuwé ora bener. “Pas dhéwéké (Yuli) pan ngobong awaké dhéwék nganggo korek mancis. Satpol PP ngalang-ngalangi sing kesané nang vidio ngropok,” jaréné.

Pihak kepolisian, jaré Syuaib duwé rencana ngundang Yuli nggo dijaluki keterangan. “Mengko pan dhéwék mediasi. Ébén gagiyan pragat masalahé. Dadi lamon bisa rampungna kekeluargaan baé,” imbuhé. (*)

 

Tags: Berita TegalnewsPKL TegalTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Dicuci di Sungai, Mobil Pikap di Pruwatan Hanyut Terbawa Arus
Warta Ngapak

Udan Gedhé, Nang Bumiayu Ana Kol Bak Kéli Kegéréd Banjir neng Kali Pemali

8 Maret 2021
Diduga Korsleting, Mobil Tiba-tiba Keluarkan Asap hingga Terbakar Saat Melaju di Kota Tegal
Warta Ngapak

Nang Tegal Ana Mobil Lagi Jalan Ujug-ujug Metu Kukusé ngantikan Kekobong

7 Maret 2021
Pohon Tumbang Timpa Mobil Avanza di Randudongkal Pemalang, 4 Orang Tewas
Warta Ngapak

Nang Randudongkal Ana Wit Randu Rubuh Nindihi Mobil, Wong Papat Ninggal

7 Maret 2021
Harga Cabai Rawit ‘Pedes Banget’, Capai Rp 93.000 per Kg
Warta Ngapak

Rega Méngkréng Tengis ‘Pedes Nemen’, Sekiloné Méh Nyendak Satus Éwu

6 Maret 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pengurus Partai Demokrat Brebes Ancam Mundur Massal

  • Unik, Penginapan Glamping Bukit Bintang Guci Tawarkan Pemandangan Eksotis

  • Warga Pemalang Bongkar Celengan Plastik, Terkumpul Uang Koin Hingga Rp 39, 8 Juta

  • Grombolan Bocah Punk sing Ngantemi Batiré Nganti Klenger Akhiré Dicekel Polisi

  • Manfaatna Bocah Cilik, Germo nang Pemalang Dicekel Polisi

  • Sudah Bertemu, Dedy-Jumadi Dikabarkan Sudah Islah

  • Pendaki Gunung Slamet Disarankan Kumandangkan Azan Saat Sampe Pelawangan

MEDIA SOSIAL

  • 123k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 47.1k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X