TEGAL – Ana akéh cara sing dienggo daning masarakat nggo nglakokna komunikasi neng tingkat desa. Kaya sing dilakoni daning Ketua RT, RW, nganti hansip sing aja nang Desa Carul, Kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal.
Dhéwéké nganggo Handy Talky (HT) nggo koordinasi kekait kondisi nang lingkungané. Dadiné informasi lewih cepet butul.
Kepala Desa Carul Moh Bukhori ngomong, HT kiyé dienggo sajegé taun 2020 wingi. Cara kuwé, jaréné, rada efektif nggo ngamana desa sing dipanggoni mung 2.500 jiwa kuwé.
“Yén mbiyén RT, RW lan Hansip kuwé nganggo kentongan wektu ngumumna kondisi lingkungan sekitar. Tapi saiki komunikasiné nganggo HT, soalé lewih sederhana lan gampang. Yén nganggo HaPé kuwé dhéwéké pada kebingungen,” tuturé maring PanturaPost.com, dina Jemuah (25/8/2023).
Saliyané gampang, HT uga ora nganggo pulsa lan paket data. “Neng wayah pageblug taun wingi HT kiyé manfaat nemen nggo nginformasikna kondisi masarakat neng saben RT,” omongé.
Dhéwéké ngomong, saben ketua RT lan RW nduwéni frekuensi dhéwék-dhéwék. Termasuk para hansip ya nduwéni frekuensi dhéwék. “Dadi yén ana informasi gari ngarahna frekuensi dhéwék-dhéwék,” pungkasé. (*)
Discussion about this post