TEGAL — Winginané nang ruas tol Pejagan-Pemalang ana kecelakaan, dina Saptu, 9 Januari 2021 sekitar jam siji awan. Bis siji ndéké PO Sudiro Tungga Jaya nabrak adang-adang dalan tol nang Jalur B KM 293+800, Kabupatén Tegal.
Untung baé laka korban jiwa neng kedadénan kuwé. Tapi, kecelakaan bis sing plat nomer polisiné AD 1522 BU kuwé nggawé pirang penumpangé pada luka-luka.
“Informasi sing dhéwék tampa seka petugasé dhéwék, nggo sementara sa wong ngalami luka énténg lan sa wong luka abot. Wong-wong kuwé wis diplayukna maring RS nggo olihna prawatan médis,” omongé Kepala Cabang Pejagan-Pemalang Toll Road (PPTR) Ian Dwinanto.
Dhéwéké nerangna, kecelakaan bis kuwe molai kedadénan wayah bis mlayu seka arah wetan mengulon. Wayah pan nyalip kendaraan nang ngarepé, supir belih bisa ngendalikna kendaraané.
Mugané bis nabrak beton adang-adang dalan. Lah, nggo posisi bis malang nutup jalur B utawa nuju maring arah Jakarta.
“Sempet kedadén macét merga awak bis sing nutupi awak dalan. Bis wis diévakuasi,” pungkasé. (*)
Discussion about this post