PEMALANG – Nang perlintasan sepur KM 120+5/6 Kelurahan Pelutan, Kabupaten Pemalang ana bujang loro ninggal dunya merga diambung utawa ketabrak sepur Joglosemarerto 192. Cah loro sing dingerteni arane M. Agung Prabowo (16) yakuwé cah sekola lan Ferli Fadli (17) yakuwe warga Wanarejan, Kecamatan Taman, ketabrak merga ora lingak-linguk wayah nyabrang dampar.
Seka informasi nang sekitar lokasi kedadénan, kedadénan awalé wayah ana bocah nomnoman katon ngetém nang area dampar sepur. Pas kuwé, katon bocah enom loro nyabrang dampar sepur. Tapi dinyana ora krungu siriné seka sepur, keloroné akhiré ketabrak.
Kapolrés Pemalang, AKBP Ronny Tri Prasetyo Nugroho, ngiyakna kedadénan kuwé. Jaré dhéwéké, sawisé kedadénan, Polsék Pemalang langsung ngecék TKP kedadénan lan ngévakuasi korban lan digawa maring Rumah Sakit Prima Medika, Pemalang.
“Kapolsék Pemalang bareng karo anggota nglakoni pengecekan bareng karo tim medis lan Babinsa Kelurahan Pelutan. Jebulé bener ana wong mlaku loro sing wis ninggal dunya gara-gara ketabrak sepur,” jaréné.
Sawisé dilakoni pemeriksaan daning tim medis seka RS. Prima Medika Pemalang, Ronny nglanjutna, Kapolsek Pemalang bareng karo anggota nyerahna jenazah nang pihak kluwarga nggo dikuburna.
“Kronologisé, sepur ngluncur seka arah kulon mengétan. Seanjogé nang lokasi, jebulé ana wong loro sing nyabrang perlintasan sepur nganti akhiré ketabrak,” jaréné.
Sawisé kedadénan, warga sekitar sing deleng kedadénan kuwé nglaporna maring Polsék Pemalang Polres Pemalang. Dinyana, kecelakaan kedadén soalé korban mlaku nang ruang manfaat jalur sepur Surodadi-Pemalang lan ora ngarti wayah sepuré nglinter.
“Ya dinyana korban wayah mlaku nang perlintasan dampar ora weruh anané sepur sing lagi ngluncur seka arah kulon mengétan. Dhéwék wanti-wanti ebén warga ora nglakokna aktivitas nang sadawanéng perlintasan sepur. Lan angger nyabrang kudu linguk tengen kiwa,” pungkasé. (*)
Discussion about this post