TEGAL – Baliho sing gambaré Anies Baswedan bareng karo Agus Harimurti Yudhoyono (AHY) nang pirang titik nang Kota Tegal dicopot daning Dewan Pimpinan Cabang (DPC) Partai Demokrat Kota Tegal, dina Jemuah (1/9/2023).
Ketua DPC Partai Demokrat Kota Tegal Satori ngomong, baliho diuduna merga instruksi seka Dewan Pimpinan Pusat (DPP) Partai Demokrat. Ana 25 baliho sing gambaré Anies Baswedan sing diuduna.
“Molai dina kiyé, dhéwék instruksikna maring kabéh pengurus lan ranting nggo nguduna baliho sing gambaré Anies karo AHY,” omongé Satori maring wartawan, dina Jemuah (1/9/2023).
Jaré Satori Partai Demokrat ngrasa kecewa, soalé ana salah siji partai koalisi sing metu. “Dadi sing metu ndisiti udu Partai Demokrat, tapi partai liya,” jaré Satori.
“Dhéwék ésih koridoor neng Partai Koalisi, nggo perubahan lan perbaikan. Tapi ana salah siji partai sing khianat. Dhéwéké ora terus terang,” tambahé Satori.
Pas ditakoni apa aksi kuwé gara-gara AHY durung diumumna dadi cawapres Anies Baswedan?, Satori ngomong dudu gara-gara hal kuwé.
Tapi merga dhéwéké wis nglanggar kesepakatan bersama. “Dhéwéké wis selingkuh tanpa persetujuan lan kesepakatan karo Tim 8. Lan dhéwéké ngangkat mutusna dhéwék,” jaré Satori.
Jaré Satori, nganti saiki durung ana arahan nggabung karo koalisi liyané. “Dhéwék soré kiyé, pan méloni zoom rapat Majelis Tinggi Demokrat sing pan dipimpin langsung daning bapak Susilo Bambang Yudhoyono,” omongé Satori. (*)
Discussion about this post