TEGAL – Panitia pengajian gedhénan sing ngundang Gus Miftah nang lapangan Désa Kedung Banteng, Kecamatan Kedung Banteng, Kabupatén Tegal dikongkon nunda acara. Pengajian sing rencanané pan dianakna nang dina Minggu (27/9/2020) ngesuk, diundur lan dianakna sawisé kondisi normal utawa zona ijo.
Salah siji panitia, Fatikhin, dina Jemuah (25/9) ngomong ari pengajian gedéan Gus Miftah dianakna nggo meringati Khaul Massal ke III. Keputusan dijukut sawisé panitia nemoni Bupati Tegal, Umi Azizah, sing uga Ketua Gugus Tugas Penanganan COVID-19 Kabupatén Tegal.
“Iya mau awan Dhéwék madep Bupati. Lan hasilé nggo pengajian gedéan Gus Miftah ditunda nganti Kabupatén Tegal balik dadi zona ijo utawa aman. Lah, nek nggo kegiatan khaul tetep dilaksanakna,” jaréné.
Pada baé kaya sing diomongna daning Lurah Kedung Banteng, Budiarso. Jaréné, dhéwéké mbené olih surat pemberitahuan seka Gugus Tugas nang dina Jemuah (25/9) soré lan nyatakna ebén kegiatan pengajian gedhénan sing ngundang Gus Miftah kuwé ditunda.
“Surat nembé nyong trima mau soré. Nang njero surat kuwé, Gugus Tugas njaluk ebén pengajian Gus Miftah ditunda nganti kondisi bener-bener aman,” tuturé.
Sementara kuwé, Kepala Subbagian Komunikasi lan Dokumentasi Pimpinan Setda Kabupatén Tegal, Hari Nugroho uga ngiyakna anané ditundané pengajian kuwé. Hal kiyé ngéling-éling angka kasus COVID-19 nang Kabupatén Tegal munggah terus.
“Nggo arané Humas, hasil koordinasi karo Satgas Penanganan COVID-19 Kabupatén Tegal, kegiatan ditunda soalé merhatikna perkembangan kasus COVID-19 sing munggah terus lan kategori zona abang. Kegiatané ana rong lokasi nang Kabupatén Tegal lan kabehané ditunda,” jelasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post