Pasangan Lanang Wadon nang Brebes Kiyé Dicekel Polisi Gara-gara Nggadékna Mobil Réntalan – Panturapost.com
Kamis, Agustus 11, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Pasangan Lanang Wadon nang Brebes Kiyé Dicekel Polisi Gara-gara Nggadékna Mobil Réntalan

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
26 November 2021
2 min read
0
Gelapkan Belasan Mobil Rental, Pasutri di Brebes Diringkus Polisi

Foto: Fajar Eko Nugroho

4k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

BREBES — Pasangan lanang wadon siri nang Kabupatén Brebes dicekel daning tim gabungan Resmob lan Satreskrim Polres Brebes, dina Rebo (24/11/2021). Keloroné mélu kasus penggelapan welasan mobil réntal.

Pasangan pelaku yakuwé, Fakih Akbar (27) warga Kecamatan Bantarkawung, Brebes lan Iis Purwati (38) warga Kabupatén Purbalingga.

Kapolres Brebes, AKBP Faisal Febrianto, ngomong pelaku nglakoni aksiné nang limang TKP. Yakuwé nang Kecamatan Paguyangan, Bumiayu, Bantarkawung Kabupatén Brebes, Majenang Kabupatén Cilacap, lan Kabupatén Purbalingga. Nggo modus operandi sing dilakoni pelaku karo cara nyéwa mobil réntal sing latané digadékna.

ADVERTISEMENT

“Modusé, pelaku nyéwa utawa ngréntal mobil kuwé sing latané digadé daning pelaku maring wong liya,” omongé Kapolres neng rilis kasus nang Mapolres, dina Kemis (23/11/2021).

Baca Juga

Borong Medali di ASEAN Para Games, Banyu dapat Bonus Rp 50 Juta dari Bupati Tegal

Mborong Medali neng ASEAN Para Games, Banyu Olih Bonus Rp 50 Juta seka Bupati Tegal

10 Agustus 2022
Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat

Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

10 Agustus 2022

Dhéwéké nerangna, kasus penggelapan kuwé awalé wayah pelaku nyéwa mobil jenis Toyota Avanza karo nomer polisi B 2862 TOF maring korban Muhammad Fauzan (41) neng tanggal 15 Oktober 2021. Pas kuwé dhéwéké nyéwa lawasé patang dina nggo dienggo maring Jakarta.

Sawisé patang dina, korban nakokna anané mobil kuwé. Tapi sawisé ditakokna, ngantikan méh sawulan utawa nganti tanggal 8 Novémber laka kejelasan anané mobil kuwé.

Gara-gara kasus kuwé, korban ngalami tuna nganti Rp 130 juta lan nglaporna kasus kiyé maring Polsek Paguyangan. “Sawisé dhéwék dalami jebulé pelaku wis nglancarna aksiné nganti ping welasan lawasé luwih seka sataun. Pelaku nglakoni kejahatan kiyé nganti ping 13 nang 5 TKP. Tapi barang bukti sing dhéwék amana nembé ana 12 mobil. Dhéwék ésih ndalami kasus kiyé, lan sa mobil ésih lagi digolét,” ungkapé.

ADVERTISEMENT

Sementara kuwé, salah siji pelaku, Iis Purwati, nyebut dhéwéké mung méloni préntah bojoné nggo mélu neng kasus penggelapan kuwé.

Wayah luruh mobil réntal sing pan didadekna mangsa, dhéwéké bareng karo bojoné duwé peran macemé suami istri ébén diprecaya daning korbané. Sawisé olihna mobil réntal, mobil kuwé latané digadékna maring wong.

“Sawisé olih mobil latané digadékna karo rega antara Rp 20-30 juta. Angger réntal kuwé regané Rp 300 éwu per dina lan bisané nganti 10 dina. Duwité dienggo nggo nutup biaya séwa mobil maning. Soalé angger waktu séwa wis enték nyong mojar njaluk waktu perpanjangan,” jaréné.

Sedengé pelaku Fakih Akbar ngomong, dhéwéké teka maring tempat réntal mobil bareng karo bojoné nggo ngyakinkena korban. Latané dhéwéké langsung mbayar dimuka duwit séwa kuwé ébén diprecaya korban.

Sawisé mobilé berhasil digawa, dhéwéké nggadékna mobil kuwé maring wong liya. “Digadé kuwé masing-masing, sing penting luwih seka duwit nggo séwa mobil. Biasané antara Rp20-30 juta,” jaré Fakih Akbar.

Gara-gara kelakuané, loro pelaku disangkakna Pasal 372 KUHP Ngenani Penggelapan lan Pasal 378 KUHP Ngenani Penipuan. Pelaku keancem ukuman lawasé patang taun penjara. (*)

Tags: Bahasa NgapakOra Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Borong Medali di ASEAN Para Games, Banyu dapat Bonus Rp 50 Juta dari Bupati Tegal
Warta Ngapak

Mborong Medali neng ASEAN Para Games, Banyu Olih Bonus Rp 50 Juta seka Bupati Tegal

10 Agustus 2022
Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat
Warta Ngapak

Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

10 Agustus 2022
Diduga Korsleting, Rumah di Mejasem Tegal Luder Terbakar
Warta Ngapak

Listrik Konslét, Umah nang Mejasem Tegal Entong Prontong Dipangan Geni

9 Agustus 2022
Warga Losari Brebes Gagalkan Aksi Pencurian Motor, Pelaku Dikejar Hingga Tertangkap 
Warta Ngapak

Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

9 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Atifa, Juara Dunia Pencak Silat Asal Tegal Bercita-cita Masuk Korps Wanita Angkatan Laut

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Trek sing Ngangkut Puluhan Motor Klasik Kobongan nang Tol Kanci-Pejagan, Tunané Atusan Juta

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

  • Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In