TEGAL – Pasangan lanang wadon Saali (37) lan Rini Sandra (34) saiki kudu dikandangna neng penjara gara-gara nyolong motoré polisi nang Kota Tegal. Aksi keloroné sempet konangan CCTV, ngantikan akhiré jajaran Satréskrim Polrés Tegal Kota bisa nyekel keloroné.
Kapolrés Tegal Kota AKBP Rita Wulandari ngomong, pelaku nyolong motor ndéké salah siji anggota polisi sing keparkir neng umahé sing ana nang Kelurahan Randugunting, Kecamatan Tegal Selatan, neng tanggal 26 wulan September wingi.
“Ke loro pelaku akhiré dicekel 9 November wingi nang daerah Bekasi, Jawa Barat,” omongé Rita, dina Jemuah (13/11/2020).
Pelaku Saali kuwé warga Désa Purwahamba, Kecamatan Suradadi, Kabupatén Tegal. Sementara pacaré, Rini Sandra warga RT 5, RW 1 Kampung Jembatan, Kelurahan Penggilingan, Kecamatan Cakung, Jakarta Timur.
Wayah nyikat motor karo cara mbodhol kunci daning pelaku Saali, pelaku Rini tugasé ngawasi lingkungan sekitar.
“Modusé, pelaku boncengan ider luruh motor sing diparkir nang ngarep umah. Pas nglinter nang ngarep umah korban, weruh ana motor nang latar latané digawa lunga,” omongé Rita.
Kasatréskrim Polrés Tegal Kota, AKP Syuaib Abdullah ngomong, salah siji pelaku kepaksa ditembak kempole merga nglawan wayah pan dicekel jajaran Tim Résmob.
Seka hasil pengembangan, ke loro pelaku belih mung nyolong motor nang Kota Tegal. Tapi nang pirang-pirang wilayah liyané. “Pelaku uga tau nyolong motor nang Pemalang,” jaré Syuaib.
Saliyané ngamana rong pelaku lan motor hasil colongané, polisi uga ngamana motor siji sing dienggo pelaku nggo ngaksi.
Sementara ke loro pelaku nang adepané petugas ngaku kepépéd ekonomi. Mugané nekad nyolong motor. Pelaku dijerat pasal 362 KUHP karo anceman ukuman 5 taun. (*)
Discussion about this post