Pasar Trayeman Wis Dibuka, Wong Dagang pada Nyengir Maning – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Pasar Trayeman Wis Dibuka, Wong Dagang pada Nyengir Maning

Bakul-bakul ngarep-arep ebén kabeh cepet normal maning

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
25 September 2020
2 min read
0
Pasar Trayeman Sudah Dibuka, Dua Hari ini Masih Sepi Pembeli
Share on FacebookShare on Twitter

SLAWI – Sawisé sempet dineb lawasé telung dina, sajegé dina Jemuah (18/9/2020) soré, Pasar Trayeman Kabupatén Tegal wis operasi maning sajegé dina Senen (21/9/2020). Tapi wong dagang pada ngrasakna ari pasar ésih sepi lan arang-arang sing tuku.

Pasar Trayeman dineb sawisé hasil tes swab massal daning Dinas Kesehatan (Dinkes) ditemukna ana loro wong dagang nang Pasar Trayeman sing positif COVID-19.

“Iya wis operasi maning lan wong dagang molai pada nyengir maning. Dhéwék sukur, muga-muga intensifikasi semprotan disinfektan lawasé telung dina bisa ngilangna virus anjog maring oyodé. Kabéh kuwé ebén roda perekonomian nang pasar tradisional mlaku lancar, ” omongé Ketua Umum DPC Asosiasi Pedagang Pasar Seluruh Indonesia (APPSI) Cabang Kabupatén Tegal, Imam Wahyudin wayah dibell panturapost, dina Rebo (23/9/2020).

ADVERTISEMENT

Dhéwéké ngungkapna, wayah dagang manut karo protokol kesehatan sakepriben wis dianjurna daning pemrentah. Kaya jaga jarak, nganggo masker, lan isuh-isuh tangan. Uga mbresihna tempat dagangané lubar lan sadurungé dagang.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

“Latané solusi apa sing ditawakna pemrentah daerah nggo ngatasi lesuné perdagangan nang pasar tradisional?” jaréné.

Sementara kuwé, salah siji bakul nang Pasar Trayeman, Sakuri (45) ngaku kondisi perdagangan nang pasar ésih sepi. “Ndeyan merga dampak wingi. Telung dina dineb soalé konangan ana bakul nang pasar sing positif Corona,” jaréné.

Jare dhéwéké, kabéh bakul pasrah soalé aktivitas pasar ésih sepi. Sing tuku utawa sing pada teka ndéyan ésih pada wedi maring Pasar Trayeman.

ADVERTISEMENT

“Dhéwék mung pasrah lan terus usaha nggo dodolan ebén ana penghasilan. Bakul-bakul ngarep-arep ebén kabehané cepet normal maning lan sing pada tuku bisa maring Pasar Trayeman maning.”

Hal sing padha uga diungkapna daning Mbok Pudar, bakul ayam nang Pasar Trayeman. Dhéwéké ngungkapna wis buka lawasé rong dina, tapiné dodolané ésih sepi. Ora kaya biasa sadurungé dineb. “Dhéwék tulung diperhatikna, muga-muga perekonomian nang pasar mari maning kaya sadurungé.” (*)

 

Tags: Pasar TrayemanSlawiTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In