SLAWI – Bupati Tegal, Umi Azizah nggelar inspeksi mendadak (sidak) diterapnane protokol kesehatan nang pirang kantor kecamatan lan bale desa, dina Rebo (15/7). Wayah sidak, Umi Azizah langsung ngganyami Camat Balapulang soale konangan ora nganggo masker wayah mangkat maring kantor.
Nang kesempatan kuwe, Bupati Tegal, Umi Azizah ngomong ari sidake kuwe yakuwe bagian sing upaya pencegahan penularan COVID-19. Dheweke ora kepengin, lingkungan kantor nang pemrentahan berkembang dadi klaster anyar penularan virus Corona soale ora disiplin nerapna protokol kesehatan.
“Dhewek wis nerbitna Aturan Bupati Tegal Nomer 35 Taun 2020 ngenani Pencegahan Penularan COVID-19 nang Kabupaten Tegal. Dadine kabehane kudu dipatuhi, apamaning wong dadi pejabat sing mestine dadi contoh masarakat,” jarene.
Belih mung nang Kantor Kecamatan Balapulang, Umi uga nemoni ana pirang pejabat sing ora nganggo masker kaya nang Kantor Kecamatan Dukuhwaru, Kantor Kecamatan Lebaksiu lan Kantor Bale Desa Kajen Kecamatan Lebaksiu. Saliyane kuwe, akeh uga masarakat sing manjing maring kantor bale desa sing uga ora pada nganggo masker.
Umi ngarep-arep, sesama pegawe bisa padha-padha ngelingna. Luwih-luwih angger karo pelayanan wong umum.
“Wis akeh contoh kasus penularan COVID-19 kedaden nang lingkungan kantor, mugane dhewek kudu waspada, padha-padha ngelingna nganggone masker kiye dadi adaptasi kebiasaan anyar,” jarene.
Luwih-luwih, Umi lanjutna, pegawe nang bagian pelayanan wong umum nduweni intensitas interaksi karo warga lumayan dhuwur. Mugane perlindungane ya kudu ekstra karo nambahi dienggone sarung tangan lan tameng rai transparan. Pegawe nang kecamatan lan nang desa uga kudu wani nembung angger ana wargane sing ora nganggo masker.
“Wekena maklumat pengingan manjing maring kantor nggo warga sing ora nganggo masker. Sampekna karo warga, angger ora nganggo masker kuwe ora pan diladeni petugas,” tegase.
Nang Kantor Kecamatan Pagerbarang, Umi ora weruh anane sarana isuh-isuh tangan sing donge ana nang ngarep kantor. Malah Umi nemoni gembes sing nggo nampung banyu nggo isuh-isuh tangan bantuan sing Korpri Kabupaten Tegal esih kebungkus rapi nang jero plastik.
Umi ya latane gagiyan mudun dhewek nggotong gembes kuwe nggo ditempatna nang lawang manjing Rumah Pelayanan Administrasi Terpadu Kecamatan.
“Pisan maning, nyong njaluk eben protokol kesehatan nang lingkungan kantor diberlakukna nganggo cara sing ketat,” pungkase. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post