TEGAL – Polisi akhiré bisa nyekel Muh (35) sing dinyana ngepruki wong loro nang Désa Lebeteng, Kecamatan Tarub, dina Senen (5/10) wingi. Pelaku saiki lagi dipriksa kejiwaané daning polisi. Soalé, pelaku dinyana kentir utawa ora waras.
Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP Heru Sanusi, dina Slasa (13/10) ngomong ari pelaku wis diamanna nang sel tawanan Mapolrés Tegal nggo nglakoni pemeriksaan. Polisi uga wis nglakoni observasi nggo ngarti apa ketuduh pelaku kuwé kentir apa ora.
“Nyong tegasna kiyé dudu ditawan ya, tapi diamanna. Ketuduh pelaku wis dhéwék gawa maring RSUD dr Soesilo nggo dilakoni observasi kejiwaané, tapi hasilé durung metu. Ndeyan minggu ngarep dhéwék wis olih hasilé,” jaré dhéwéké.
Ketuduh pelaku kiyé, Heru nglanjutna, pas lagi dipriksa lan ditakoni pirang-pirang, bisa nyaurine apik. Tapi hal kuwé kudu disinkronkan karo hasil observasi kejiwaan sing dilakoni Rumah Sakit nggo mastikna apa nduwéni gangguan kejiwaan apa ora.
“Ya dhéwék enteni hasilé baé, ndeyan hasilé minggu ngarep metu,” jaréné.
Dibritakna sadurungé, Ruminah (60) dina Senen (5/10) wingi dikepruk nggo kayu balok daning wong sing ora dikenal pas lagi sembayang sunnah qobliyah subuh nang Musala Assodiqin. Merga kedadénan kuwé, Rusminah sing umahé ora adoh seka Musala Assodiqin kiye ngalami luka suwek nang endas nggon mburi lan kudu dijait pitu.
Kedadénan sing pada uga dialami daning Tarmudi (65) wong sing dadi marbot nang musala kuwé. Dhéwéké dikepruk pas lagi ngaji nang Assodiqin nggo ngenteni wektu sholat subuh. Dhéwéké dikepruk seka arah mburi nganggo kayu nganti endhas sewelah tengené mlenong. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post