TEGAL — Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) Lével 4 rampung dina Senen (9/8/2021). Apa PPKM Lével 4 kuwé pan diperpanjang apa ora, saiki durung dingerténi. Angger PPKM Lével 4 jebulé ésih diperpanjang,
Wakil Ketua Umum Perhimpunan Hotél dan Réstoran Indonésia (PHRI) Kabupatén Tegal, Sukirno Qurays ngomong, pelaku usaha ngadepi keadaan sing darurat nemen.
“Bayangna rong wulan tanpa ana pendapatan. Sedengé kebutuhan nggo bertahan urip kuwé saben wayah,” tuturé Sukirno maring PanturaPost, dina Ahad (8/8/2021).
“Harapané dhéwék laka perpanjangan PPKM maning. Kondisi iman sing kuwat, méntal sing kuwat, imun sing kuwat soalé ékonomi kuwat, angger ditutup maning, rontok wis,” tambahé.
Jaréné, kondisi para pelaku usaha nang wisata Guci étungané wis darurat. “Pimén ora darurat, wayah dampak Corona sing pertama, wisata sempet tutup ana pirang wulan. Barang kaya kuwé, kondisi wisata buka-tutup. Belih mung kuwé tok, dampak dalan sing nuju maring wisata Guci ambles, kuwé ya duwé dampak gedhé nemen lan saiki ditutup maning,” terangé.
Jaréné, karo kondisi sing darurat kiyé, para pelaku usaha nang Guci étungané untung. “Soalé, ora édan be wis untung. Bener-bener laka pemasukan selama kiyé,” jaréné.
Saiki kiyé, jaréné, kabéh pelaku usaha nang Guci siap nggo taat Prokes. Soalé kuwé, pihaké ngarep-arep OW Guci diwéin kelonggaran nggo dibuka.
Sementara kuwé, Koordinator Paguyuban Guci, Zaenal uga ngungkapna hal sing padha. “Muga-muga nang tanggal 9 Agustus, ana kabar apik seka PPKM. Ora diperpanjang lan para pelaku usaha bisa aktivitas maning.” (*)
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post