Peluncuran Buku lan Potong Ambeng Sajerone Milad Sastra Tegalan – Panturapost.com
Rabu, Agustus 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home

Peluncuran Buku lan Potong Ambeng Sajerone Milad Sastra Tegalan

Milad Sastra Tegalan kaping 27 taun, Jemuah, 26 Novémber 2021 bisa dikandakna guyup lan bebrayan

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
27 November 2021
3 min read
0
Peluncuran Buku lan Potong Ambeng Sajerone Milad Sastra Tegalan
86
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

MILAD Sastra Tegalan kaping 27 taun, Jemuah, 26 Novémber 2021 bisa dikandakna guyup lan bebrayan senajan undangan sing disebar kur sepuluh seniman. Acara digelar nang kafé ngarep éks Pabrik Texin, Kelurahan Damyak, Kecamatan Kramat, Kabupaten Tegal. Hélat acara ultah kejaba pemotongan ambeng, uga peluncuran buku antologi Puisi Tegalerin. Téma sing digawakna “Brayan kanggo Ningkatna Martabat Sastra Tegalan”.

Bab kuwé sing diomongna Mas Jon maring jakwir-jakwiré nang Gazébo pinggir umahé.

“Sing diundang seniman sapa baé, Jon?” takoné Kapér mbuka omongan.

ADVERTISEMENT

“Para panitia yakuwé enyong, Ketua Penyelenggara Mohmammad Ayyub sing julukané Prof. Embé, Dinhaz Yussac, Atmo Tan Sidik, Dhimas Riyanto, Apito Lahiré, Endhy Kepanjen, Nabila anak wadoné Atmo, Nindra, M. Enthieh Mudakir sing olih julukan Kaisar Penyair Tegal, Dwi Ery Santoso, trus kancané Apito Lahire,” semuré Mas Jon.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Adu Kuwat Lawan Embé

15 Agustus 2022
Asal Usul Plat Nomor Kendaraan Sing Ngendi?

Asal Usul Plat Nomor Kendaraan Sing Ngendi?

11 Agustus 2022

“Presidén Penyair Tegalerin Dr. Maufur ora teka?” sambung omongané Sidul.

“Wingi wis tak kandakna adong déwéké karo Ketua Yayasan Pendidikan Pancasakti Imawan Sugiharto, uga Réktor Universitas Pancasakti (UPS) Tegal sing anyar kiyis-kiyis pas dina perayaan Ultah Sastra Tegalan, duwé acara déwék-déwék. Mengko ning dina Senén, 29 Novémber pada teka kabéh malahan acarané luwih gedé digelar nang UPS. Nah! Adong acara kiyé bébas, kowen kabéh ngko tak méin undangan.”

Krungu omongané Mas Jon, jakwir-jakwiré pada bungah.

“Nyong olih maca Puisi Tegalerin, Jon?” takoné Kapér.

“Aja watir. Wong enyong panitiané, kowen tak usulna maca Puisi Tegalerin.”

“Bagus, Jon! Émén arané Kapér dikenal nang kaum intelétual kampus!” omongé Darto ndukung omongané Kapér.

“Enyong setuju Kapér aja kur maca nang golongan seniman gél. Pisan-pisan nang adepan kaum terpelajar,” sambung omongané Sidul.

Mas Jon mantuk-mantuk.

“Pokoké nyong ngusulna!” jawabé Mas Jon.

“Kesuwun, Jon. Kesuwun To, kesuwun Dul. Kowen kabéh jakwir sing peduli ndorong kemajuan jakwir!” omongé Kapér karo nyalami wong telu. Rainé katon berseri-seri. Bungah.

Sepi sekléndab.

“Ngomong-ngomong, acara Ultah Sastra Tegalan kaping 27 nang kafé ngarep éks Pabrik Texin, buku sing dilundurna apa, Jon?” takoné Sidul.

Anjog nang kéné Mas Jon ora agé-agé njawabi. Cangkemé krasa kecut. Mergané kaya biasané tangané langsung njukut cawik isi téh poci, terusan dicecep rong tegukan. Sauwisé kuwé nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudul rokok saeler dékéné Mas Jon. Jakwir-jakwiré ilon-ilon ndudut saeleran.

“Mau bengi, buku Puisi Tegalerin sing diluncurna judulé “Republik Tegalerin” tulisané jakwir-jakwir seniman sategal. Malahan ana puisi gawéané Walikota Tegal!” omongé Mas Jon.

“Éh… Pak Dedy Yon walikotané pinter gawé puisi ya? Ajib ah!” tukas Darto.

Mas Jon mantuk.

“Takon, Jon.”

“Pimén, Dul?”

“Tanggal 26 Novémber didadékna Dina Lairé Sastra Tegalan critané pimén?”

“Tanggal kuwé dijukut awit sajak WS. Rendra sing judulé “Nyanyian Angsa” tak terjemahna enyong nganggo bahasa Tegal, judulé “Tembangan Banyak”. Sajak terjemahan Tegalan sing tak gawé tak lebokna nang tabloid Kontak pas tanggal 26 Novémber taun 1994. Saka kono, tanggal 26 Novémber didadékna Dina Lairé Sastra Tegalan kosih sapréné umuré 27 taun!”

Jakwir-jakwir Mas Jon manggut-manggut.

ADVERTISEMENT

“Maaf, Jon. Ana sing ngomong sadurungé sajak Tegalan “Tembangan Banyak”, nang Tegal wis kondang sastra lisan sing arané Wangsalan. Menurut kowen pimén, Jon?” takoné Kapér.

“Wangsalan kuwé dudu produk Tegal, Pér. Saben-saben wilayah duwé Wangsalan. Awit Cirebon, Brebes, Pemalang, Pekalongan sampékén maring Jawa Timur uga Banyumas, ana Wangsalan. Mung arané séjén tapi bentuké lan gaya ungkapé pada baé. Aran nang Banyumas dudu Wangsalan tapiné Parikan. Samana uga nang Pekalongan kosih wilayah Jawa Timur arané Parikan utawan cangkriman. Dadi tegesé, Wangsalan utawané Parikan, dudu produk asli wong Tegal. Sing ngarang sapa? Embuh!”

Jakwir-jakwiré mantuk-mantuk.

“Coba, sadurungé ana terjemahan puisiné WS. Rendra sing diterjemahna nyong dadi “Tembangan Banyak” ader ana Puisi Tegalan? Uwong sing duwé pendapat, tonggak lahiré kawiwit saka Wangsalan, artiné wong kuwé ora duwé data lan nglongok sejarah sastra ning Tegal!” sambung omongané Mas Jon.

“Okém, Jon. Saiki nyong pan takon. Seliyané Apito Lahiré sing mengko maca nang acara tanggal 29 Novémber, sapa baé?” takoné Kapér nadané kayong kuwatir ora kebagian wektu kanggo maca Puisi Tegalerin.

“Para penulis sing pinter maca. Seliyané kuwé para dosén, lan mahasiswa!”

“Lha… enyong kebagian macané kapan, Jon?”

“Dong waktuné longgar kebagian.” Karo ngomong kaya kuwé, lambé Mas Jon ngumbar éseman.

“Dong ora kebagian waktuné, pimén?” Kapér molai ketar-ketir.

“Ya… énté ngoloh jentik baé, Pér?! Hahahaha…..” senggak Darto ndisiti Mas Jon pan ngomong.

“Hahahaha….” Jakwir-jakwiré bareng nyekakak weruh rainé Kapér mengkeret. (*)

———-
*Lanang Setiawan*, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novelis.

Tags: MociSastraSastra Tegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Adu Kuwat Lawan Embé

15 Agustus 2022
Asal Usul Plat Nomor Kendaraan Sing Ngendi?
Moci

Asal Usul Plat Nomor Kendaraan Sing Ngendi?

11 Agustus 2022
Ana Wong Bisa Demenan Karo Siluman Buaya Putih? 
Moci

Bab Mitos Ora Kur nang Tegal, nang Italia Uga Luwih Sinting

5 Agustus 2022
Dalan Pancasila Tegal, Kawasan Paling Bebas
Moci

Dalan Pancasila Tegal, Kawasan Paling Bebas

4 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Critané Sambo Wektu Dadi Kapolres Brebes, Dikenalé Apik Maring Kabéh Kalangan

  • Dadi Tersangka Kasus Maténi Brigadir Yosua, Kiyé Kondisi Umahé Bripka RR nang Keturen Tegal

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In