Pemkab Tegal Ngluncurna Aplikasi ‘MUTAN’ Khusus Nggo Wong Dagang – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Pemkab Tegal Ngluncurna Aplikasi ‘MUTAN’ Khusus Nggo Wong Dagang

Upaya kiyé nggo nyegah nyebaré virus Corona

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
9 November 2020
2 min read
0
Pemkab Tegal Luncurkan Aplikasi untuk Pantau Kepatuhan PKL dalam Menjalankan Protokol Kesehatan

Bupati menempelkan barcode aplikasi MUTAN kepada salah satu pedagang kaki lima di Alun-alun Hanggawana Slawi. (Foto: Bentar)

Share on FacebookShare on Twitter

SLAWI – Pemrentah Kabupatén Tegal ngluncurna aplikasi monitoring penerapan protokol kesehatan (MUTAN) karo pembayaran non tunai nggo Pedagang Kaki Lima (PKL) lan pelaku usaha, sing tempaté neng Alun-alun Hanggawana Slawi, dina Minggu (8/11/2020). Upaya kiyé nggo nyegah nyebaré virus Corona.

Sistem aplikasi kiyé, mengkoné masarakat bisa melu ndeleng kepatuhan PKL karo penerapan protokol kesehatan, pas mindai QR Code sing ketempel nang grobogané PKL nganggo smartphone. “Masarakat bisa méin peniléan tingkat kepatuhan PKL neng aplikasi. Sing diterusna dadi laporan maring Satpl PP,” tuturé Kepala Dinas Dagkop dan UKM Suspriyanti.

Jare dhéwéké, pihaké wis nginput data seakéh 770 PKL. Rinciané PKL Alun-alun Slawi 603 wong, PKL Jl. Kagok 52 wong, PKL Rumdin Bupati 39 wong, PKL Monumen GBN 23 wong, PKL RSUD dr. Soeselo 17 wong lan PKL Modern 36 Wong.

ADVERTISEMENT

“Nang aplikasi MUTAN, masarakat bisa mékena peniléan maring wong dagang, apa penerapan Prokes nang tempat usahané, kurang, cukup utawa wis apik. Karo score bintang 1, 2, 3, 4 utawa 5. Selat akéh masarakat sing mékena nilé apik, berarti prokes wong dagang kuwé apik lan sawaliké,” jaréné.

Baca Juga

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Lawasé 7 Taun

27 Januari 2023

Sementara kuwé, Bupati Tegal Umi Azizah ngungkapna, kabéh wong dagang diarep-arep gagiyan nerapna aplikasi MUTAN kiyé. Nggo mbiasakna. Kaya mbayar karo nggunakna aplikasi non tunai kiye. Ébén wong sing pada dagang aman wayah transaksi.

Bupati nambahi, aplikasi MUTAN kiyé dadi upaya nyegah nyebaré COVID-19. Soalé, wong dagang lan sing tuku, ora nggunakna duwit langsung sing rentan nyebar COVID-19. “Mengkoné wong dagang pan diméin reward utawa hadiah nggo sing bener-bener taat nerapna protokol kesehatan seka hasil monitoring waktu sawulan,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Umi njaluk karo masarakat, khususé bakul-bakul lan sing tuku, melu aktif nyegah nyebaré COVID-19. Disipliné masarakat kekait penerapan protokol kesehatan bisa kedeleng nang aplkasi MUTAN. Mugané keamanan aktifitas PKL bisa kejamin. “Tolok ukur keberhasilan program kiyé, yakuwé wong dagang kaki Iima éling nerapna protokol kesehatan,” jaréné. (*)

Disunting Daning: Muhammad Abduh

Tags: Ora Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Lawasé 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran
Warta Ngapak

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In