BREBES — Pengusaha transportasi angkutan bis nang Kabupatén Brebes njaluk pemréntah pusat ngévaluasi kebijakan larangan mudik nang badanan Idul Fitri wulan Méi 2021 mengko.
Salah siji pengusaha transportasi bis jalur Pantura, Po Dedy Jaya, Muhadi Setiabudi ngomong, larangan mudik malah dampaké pan gawé londog ékonomi nang wayah pageblug sing saiki diupayakna nggo cepet mari.
“Séktor transportasi apabaé pan keimbas, mbuh kuwé tah darat, udara, utawa laut. Momén Idul Fitri wis dadi kearifan lokal nggo masarakat nggo silaturahmi maring kampung halaman. Taun ndisit larangan, angger taun kiyé uga larangan mudik, kiyé cobaan abot nggo dhéwék sing dadi pelaku usaha transportasi. Dhéwék njaluk pemréntah luwih arif nentukna kebijakané,” omongé Muhadi Setiabudi, dina Kemis (1/4/2021).
Saliyané karyawan nang séktor transportasi, dampak larangan mudik badanan uga pan dialami daning pelaku UMKM utawaha IKM nang wilayah Kabupatén Brebes khususé.
“Nyong dhéwék kabéh karyawan neng pengelolaan bis ana sekitaréng 2 éwu wong. Angger tetep dipenging mudik, 80 persén karyawan pan keimbas nganggo cara ékonomi soalé belih nyambut gawé. Soalé, armada sing dhéwék operasikna mung 20 persén tok. Kondisi mesti sepi kaya badanan taun ndisit,” tuturé.
Upaya apabaé wis dilakoni daning dhéwéké ébén pemréntah pusat ngévaluasi kebijakan larangan mudik. Dhéwéké ya wis koordinasi karo Oraganisasi Angkutan Darat (Organda).
“Nyong mung bisa pasrah lan méloni aturan pemréntah, lan kepaksa angger tetep dipenging mudik, dhéwék karyawané akéh sing pan dirumahna (nganggur). Soalé pemasukan ora cukup nggo operasional perusahaan,” omongé dhéwéké.
Angger diolihna mudik, Muhadi nyatakna terus merketat protokol keséhatan neng standar operasionalé. “Nyong siap merketat protokol keséhatan, angger penumpang kudu rapid tést mengko dhéwék pan nerapna aturan kuwé sadurungé penumpang nglakoni perjalanan,” jelasé.
Wong lanang sing uga dadi tokoh agama kiyé ya ngejak maring kabéh masarakat seka latar belakang apabaé ébén bareng-bareng ndonga ébén pageblug Corona cepet liwat. “Kabéh ajaran agama apabaé, yuh dhéwék panjatna donga bareng ngarep-arep ridho pencipta ébén pageblug gagiyan liwat. Dadiné pemulihan kondisi selot mipil apik neng waktu sing perek kiyé,” pungkasé. (*)
Discussion about this post