Penthol! Cah Nom nang Tegal Gawé Taman Baca nang Pos Ronda – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Penthol! Cah Nom nang Tegal Gawé Taman Baca nang Pos Ronda

Taman baca kuwé nggo bocah sing saiki lagi sekola online.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
27 Oktober 2020
2 min read
0
Peduli Siswa di Saat Pandemi, Pemuda di Tegal Sulap Pos Ronda Jadi Taman Baca

pemuda di Desa Sumingkir, Kecamatan Kedungbanteng, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupaten Tegal mendirikan taman baca dengan memanfaatkan pos ronda. (Foto: Syaifullah)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Cah nom-noman nang Désa Sumingkir, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupatén Tegal gawé taman baca karo manfaatna pos ronda sing ana nang désa kuwé. Ora mung sekadar maca buku, taman baca kuwé uga dienggo nggo kegiatan belajar mengajar (KBM) nggo siswa sing sinau nganggo cara daring utawa onlén merga dampak pageblug COVID-19.

Salah siji relawan pendidikan Désa Sumingkir, Abdul Lutfi, dina Senen (26/10) ngomong, saiki, wis ana 3 lokasi taman bacanan, yakuwé, nang RT 01/RW 01, RT 06/RW 03, lan RT 18/RW 09.

“Taman baca kiyé didirikna sajegé nem wulan wingi. Dhéwék uga rencanané pan nambahi enem maning. Dhéwék wis fasilitasi ana pirang buku pelajaran, peralatan nulis lan nggambar,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Belih tanggung-tanggung, nggo ndirikna taman bacanan kuwé, cah nom-noman kuwé mbentuk siji yayasan sing diwéin aran Yayasan Tunas Jaya Abadi. Lutfi uga ngaku ari nggo ndirikna taman bacanan lan yayasan kuwé, ora gampang. Soalé, saliyané mbutuhna wektu sing suwé, uga mbutuhna biaya sing gedhé.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

“Ya kebeneran ana donator nang desa kiyé. Dhéwéké madan akéh ngrewangi ngantikan taman baca lan yayasan kiyé ngadeg. Prinsipé, dhéwék sing ngelola, ngumpulna bocah-bocah lan mékena mata pelajaran sesuai karo pendidikané siswa-siswa. Nggo-padhan, siswa SD, dhéwék wékena materi ngenani pelajaran SD,” ungkapé.

Saiki, nang taman baca kuwé wis puluhan siswa sing meloni kegiatan belajar mengajar (KBM). Nggo KBM dhéwék dijadwal saben dina Senen, Rebo, Jemuah lan Saptu. Saben klompok, dibagi dadi loro lan dhéwék-dhéwék klompok jumlahé 10 ngantikan 15 siswa.

Klompok pertama khusus nggo siswa SD kelas 1, 2 lan 3. Dimolai nang jam telu soré ngantikan papat soré. Lah, nggo klompok keloro, nggo siswa kelas 4, 5 lan 6. KBM dimoli nang jam papat soré ngantikan lima soré.

Saben nglakoni KBM, siswa-siswa lan guru utawa relawan pendidikan, wajib nganggo masker lan njagongé let-letan. Sawisé meloni KBM, kabéh uga kudu ngisuhi tangané karo sabun.

“Nggo nyegah anané penyebaran lan penularan COVID-19, Dhéwék nerapna protokol kesehatan nganggo cara ketat,” jarénée.

Ngadegé taman baca kuwé, yakuwé bentuk kepeduliané cah nom-noman nang Désa Sumingkir, soalé prihatin karo bocah-bocah sing saiki lagi meloni pembelajaran jarak jauh (PJJ). Tapi nang nyatané, siswa-siswa belih-moni sinau karo sistem daring utawa onlén, tapi malah rada dolanan game nang HaPé.

Akhiré, pemuda langsung koordinasi karo pemrentah désa kononé nggo ndirikna taman bacanan. Kabéh siswa sing meloni KBM nang tempat kuwé, ora dijaluki biaya.

“Nggo taman baca kiyé dhéwék ora nariki biaya. Kabehané gratis. Dhéwék malah masilitasi peralatan sekolané. Jumlah relawan pendidikan sing dhéwék libatkan seakéh sangang wong,” jelasé.

Sementara kuwé, Lurah Sumingkir, Khasan Ali, ngomong ndukung kegiatan sing wis dilakoni cah nom-noman nang désané. Dhéwéké ngapresiasi soalé pada bisa ndirikna yayasan.

ADVERTISEMENT

Malah, yayasan kuwé uga mengkoné pan mékena beasiswa naring bocah-bocah sing sekolané pedot. Nggo siswa sing berprestasi uga pan olih beasiswa nggo nutugna pendidikan maring tundhagan sing luwih dhuwur.

“Ya enyong ndukung nemen soalé kiyé kegiatan sing apik. Nyong ngapresiasi nemen. Muga-muga yayasan kiyé bisa sukses lan bisa nyiptakna pelajar sing berprestasi, duwé karakter lan inovatif,” tuturé. (*)

Tags: Berita ngapakPos RondaTaman BacaTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In