Penthol! Cah Tegal Kiye Sengaja Ngontrak Umah Nggo Pranti Nginguni Kucing – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Penthol! Cah Tegal Kiye Sengaja Ngontrak Umah Nggo Pranti Nginguni Kucing

Saking senengé, cah enom sing kerjané dadi tukang jujug galon kuwé bisa ngrasakna apa sing lagi dirasakna kucingé.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
23 Juli 2020
2 min read
0
Peduli Kucing Jalanan, Pengantar Air Galon di Tegal Sengaja Kontrak Rumah untuk Menampungnya

Darmawan sedang memberi makan kucing jalanan di Mejasem.

Share on FacebookShare on Twitter

ORA percuma wong tuwané mein aran Darmawan. Dhéwéké bisa diomong duwéni sifat loman utawa dermawan. Kepibén ora, umah kontrakan sing ana nang Désa Debong Wétan Kecamatan Dukuhturi Kabupatén Tegal, saiki dadi tempat nggo pranti nginguni kucing dlanggung sing lara lan laka sing ngrumati.

PanturaPost.com ketemu sosok cah enom sing tulus lan peduli karo kucing kuwé nang daérah Mejasem Kecamatan Kramat Kabupatén Tegal. Katon dhéwéké nggawa tas kresek sing isiné empan kucing. Anjog nang pinggir dalan, dhéwéké mandeg latané marani kucing lan méin mangan.

“Kiyé melu ngempani kucing péndah kucing nang pinggir dalan ora kengelihen lan ora lara,” omongé Darmawan (41) maring PanturaPost.com, dina Slasa (21/7/2020) .

ADVERTISEMENT

Darmawan ping kopang-kaping ngetokna suwara méang-méong nang pinggir dalan. Belih suwé latané ana kucing marani lan mangan émpan sing diwékena Darmawan.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Abie, aran undangané Darmawan, ngaku seneng maring kucing kuwé awit cilik. Awit umur enem (6) taun. Seka kono seneng ngempani kucing nganti saiki. Tapi molai seneng ngempani lan ngrawat kucing dlanggung sing lara kuwé awit taun 2013.

“Ndelengnane melas baé. Belih ngarti, prasaan nyong kayongé kaya kucing sing urip nang dlanggungan. Nahan ngelih, gorak-gorek panganan nggo nahan urip. Nyong ngrasakna ngelih deleng kucing wayah kengelihen. Nyong ngrasakna lara angger weruh kucing wayah keadaan lara nang dlanggungan,” jaréné.

“Lan kuwé sing nggugah prasaané nyong nggo bagi-bagi karo mpus mpus dlanggung. Sering ngempani mpus mpus nang dlanggungan lan ngrawat mpus sing lara nang dlanggung,” tambahé.

Nggo ngempani maring mpus mpus nang dlanggungan, nang motoré mesti wis ana empan kucing. Angger enték utawa klalén, dhéwéké langsung tuku nang kios pakan kéwan.

“Angger ana kucing sing lara, nyong gawa balik. Angger pancen butuh penanganan dokter kéwan, nyong gawa maring dokter daérah sing paling perek. Sawisé larané mari, tembé nyong luruh sing pan ngrawat mengkoné,” omongé.

“Angger diétung sih wis atusan kucing sing nyong rawat seka taun 2013. Nyong gawa maring umah tapi ora bisa nampung akéh. Maksimal nampung kucing pitulikur (27) buntut.”

ADVERTISEMENT

Mauné dhéwéké ngingu kucing nang umahé dhéwék nang Désa Mejasem Pala barat 6b No 472. Merga nang lingkungan umah Mejasem, wongé akéh sing kurang seneng maring kucing, dhéwéké pindah lan ngontrak nang Jl. Sirandu 1 No 8 Désa Debong Wétan.

“Kebeneran uga kluwarga seneng kucing. Tapi wayah nyong rescue kucing dlanggung balik maring umah ya meneng-meneng. Kuwatir akéh sing komplen merga suwara kucingé. Mugané nggo ingu kucing, nyong ngontrak.”

Nggo kebutuhan kucing seka sing lara lan empan kucing nang dlanggungan uga prawatan kucing nang umah lan liyané, dana seka pribadiné dhéwék. Seka upah kerja dadi tukang jujug banyu isi ulang. Kebeneran dhéwéké nyambut gawé nang galon Mejasem lan bagi-bagi karo kucing dlanggung uga nang daérah Mejasem lan Tegal kota.

“Tapi, angger pas kebeneran laka babar blas nggo tuku kebutuhan kucing, nembé nyong luruh. Utawa utang pakan kucing nang kanca komunitas. Soale kanca-kanca ngarti keadaan lan kondisi nang kéné,” pungkasé. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakKucingTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In