BREBES — Tim atlet pelajar Dojo Kodim 0713 Brebes nyabet medali emas lan pérak neng Kejuaraan Nasional Karaté Kementerian Pemuda dan Olahraga (Kemenpora) Republik Indonesia. Kejuaraan kuwé dilaksanakna sasuwéné 3 dina 24-26 Juni 2022 nang Gor Ciracas Jakarta.
Manajer Tim Agus Supramono ngomong, seka pitu atlet sing olih medali, enem atlet nyawél medali emas lan siji medali pérak. Dhéwéké berhasil nyawél medali emas sawisé ngalahna welasan pesaing liyané seka pirang-pirang kota lan kabupatén sing ana nang Indonesia.
“Malah salah siji peserta neng kelas kata perorangan putra sabuk kuning lan kelas kumite perorangan putra sabuk kuning tingkat pelajar SD berhasil nyawél 2 medali emas. Dhéwéké yakuwé Aufar Raska pelajar SDIT Brebes,” jaré Agus.
Sementara 5 pelajar liyané sing nyawél medali emas lan pérak yakuwé Fatikha Rizki NA juara 1 kata perorangan putri SMA sabuk coklat nyawél medali emas sing yakuwé SMA 1 Brebes. Salwa Assifa, Juara 1 kata perorangan putri SMP sabuk coklat nyawél medali emas, yakuwé pelajar SMP 1 Brebes.
Selanjuté Alya K Juara 1 kata perorangan putri SD sabuk biru nyawél medali emas, yakuwé pelajar SD Negeri 8 Brebes. Najya ZN juara 1 kata perorangan putri SD sabuk hijau nyawél medali emas, sing yakuwé siswa SD Negeri 1 Pasarbatang. Latané Fuanni A juara 2 kata perorangan putri SD sabuk kuning nyawél medali pérak, yakuwé pelajar MI Negeri 6 Brebes.
“Alhamdulillah raihan kiyé yakuwé préstasi sing mbanggakna, soalé dhéwék tim Dojo Kodim 0713 Brebes berhasil ngrubukna pesaing seka pirang-pirang kontingen kota lan kabupatén se Indonesia. Dhéwék njaluk bocah-bocah nggo tetep semangat latihan nggo kejuaraan-kejuaraan liyané,” ungkapé.
Sensei Prio Utomo sing dadi pembina para atlet pelajar kuwé ngomong, sadurungé tanding dhéwéké wis dilatih adoh-adoh dina. Dhéwéké digembléng fokus neng kelas kata sing pan dimaina neng kategori umur masing-masing lan tingkatan sabuk.
“Kurang luwih sa wulan para atlet dhéwék digembléng nggo netegna méntal, dadiné dhéwéké siap pas tanding,” jaré Prio. (*)
Discussion about this post