Penthol! Sarung Gawéan Wong Tegal Ngalahna Produk-produk seka Luar Negri – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Penthol! Sarung Gawéan Wong Tegal Ngalahna Produk-produk seka Luar Negri

Sarung sing rupané Songket Turkey, laris manis nang 8 negara nang Afrika lan ngalahna sarung sutra gawéan India karo Thailand.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
1 Desember 2020
2 min read
0
Pasar Internasional, Sarung Buatan Warga Tegal Kalahkan Produk dari India dan Thailand
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Pageblug corona ora nglerebna pengrajin sarung alat tenun bukan mesin (ATBM) nang Kota Tegal. Malah saiki bisa saingan karo negara liya nang pasar internasional. Kebukti, produk sarung seka Kota Tegal, sing rupané Songket Turkey, laris manis nang 8 negara nang Afrika. Ngalahna sarung sutra gawéan India karo Thailand.

Sing duwé PT Asaputex Jaya, Kota Tegal, Jamaludin Al Katiri, ngaku sukur soalé lawasé pandemi, yakuwé molai wulan Maret ngantikan wulan Agustus, laka penggurangan karyawan sijiya lan jumlahé ésih sekitar 6 éwu wong.

“Dhéwék arané pejuang tékstil sing ana nang pantura. Lawasé pandemi dhéwék nacak, berjuang kepibén mertahankna usahané dhéwék, utamané sing nyangkut karyawan akéh,” jaréné, dina Senen (30/11) .

ADVERTISEMENT

Nang kondisi kaya kiyé, dhéwéké ya ngejak pengrajin-pengrajin ATBM sing ana nang wilayah éks Karésidénan Pekalongan (Brebes, Kota Tegal, Kabupatén Tegal, Pemalang, Kabupatén Pekalongan, Kota Pekalongan lan Batang) nggo nacak nginovasi nggawé motif motif anyar sing bisa ditampa nang pasar mancanegara utawané dalam negri.

Baca Juga

Pandemi COVID-19, Penjualan Lewat Daring Tingkatkan Omzet Sarung Asaputex Tegal

Pandemi COVID-19, Penjualan Lewat Daring Tingkatkan Omzet Sarung Asaputex Tegal

14 April 2022
Pageblug Corona Gawé Wong Nyara

Pageblug Corona Gawé Wong Nyara

8 September 2021

“Pengrajin nang kéné kan ésih kefokus nang ATBM sing biasa diarani Sarung Tegalan. Latané dhéwék cacak nggawé sarung karo motif sing biasa digawé daning kota utawa negara liya. Lan alhamdulillah jebulé berhasil,” ungkapé.

ADVERTISEMENT

Seka inovasi pertama, pengrajin-pengrajin ATBM sing kegabung jeronéng pembinaan PT Asaputex Jaya, Kota Tegal kiyé akhiré bisa ngetokna limang motif seka sarung Songket Turkey. Ora tanggung tanggung, inovasi sarung kuwé langsung ditampa nang 8 negara Afrika, 2 negara Timur Tengah lan 2 Negara Asia nang luar Indonesia.

“Kiyé yakuwé produk lan motif inovasi terapik. Bahan sing dhéwék nganggo saiki yakuwé bahan organik, seka bahan serat kayu. Regané lumayan murah, yakuwé nggo écéran paling dhuwur Rp 200 éwu,” jaréné.

Sarung kuwé, Jamal nglanjutna, dadi sarung alternatif nggo masarakat sing nglempuruk merga pageblug corona. Soalé, masarakat sing biasa nggunakna sarung nganggo bahan sutera sing regané ngantikan Rp 1,5 juta, bisa milih sarung Songket Turkey gawéan warga Tegal karo rega sing kejangko.

“Dadi, nyong ngileng lawasé pageblug kiyé, wong kepéngin nggunakna sarung sing duwé kwalitas apik lan rega kejangko. Mugané dhéwék etokna Songket Turkey karo rega écéran paling larang 200 éwu karo packing sing apik nemen,” jelasé.

Kekait karo inovasi sing dihasilna, Jamal ya krasa bungah karo perjuangan pengrajin-pengrajin ATBM nang kawasan Pantura Karésidénan Pekalongan sing mampu bertahan nang wayah pageblug corona. Apamaning, motif motif sarung sing dihasilnané lumayan apik lan yakuwé sarung fashion. Soalé sarung kiyé bisa digawé nggo klambi koko utawané dress nggo wadon.

“Alhamdulillah kiyé keberhasilan sing kudu disyukuri. Apamaning saiki dhéwék olih pesenan nggo wulan kiyé ngantikan wulan April taun ngarep. Malah, nggo wulan Oktober lan November wis ana penerimaan, ana cash balik seka luar negri. Kaya kuwé uga seka dalam negri, uga wis ana sing wekas. Utamané nggo Aceh, Makasar lan Banjarmasin,” pungkasé. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Pageblug CoronaProduksi SarungSarungSarung Tegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In