TEGAL — NesbuOne, laptop lan komputer rakitan gawéané siswa Sekolah Menengah Kejuruan Negeri (SMKN) 1 Bumijawa, resmi diluncurna. Peluncuran dilakoni daning Bupati Tegal Umi Azizah nang momen Hari Guru Nasional 2021.
Lubar peluncuran produk kiyé, Umi ya ngileng ruang béngkél sing nggo ngrakit komputer. Nang kéné, katon ana pirang siswa lagi nggarap pesenan laptop konsumén, termasuk pesenan seka pemréntah désa lan Pemda.
Umi nilé prosés perakitan laptop NesbuOne ngantikan instalasi sistem operasiné ana neng ngingsor kendali mutu sing apik lan wis metung proses uji coba.
Umi ngaku bungah karo industri perakitan perangkat komputer daning peserta didik SMKN 1 Bumijawa kiyé.
“Mau dhéwék wis ngileng langsung perakitan laptop kiyé, seka prosés kendali mutuné, latané uji coba produké nganti maring pengemasané wis apik nemen. Malah wis ana désa sing mesén produk kiyé,” jaré Umi.
Saliyané perluné nggencarna aspék promosi, nggo njangkau ségmen pasar sing luwih amba Umi ya nyurung alternatif dodolan metung platform lokapasar, disamping uga manjing maring é-katalog éléktronik pemréntah daérah nggo nggawé gampang perangkat daérahé milih NesbuOne dadi référénsi belanjané.
Didampingi Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupatén Tegal Ahmad Wasari, Umi uga dijaluk nggo ngresmikna pembukaan Lokakarya Nesbuwirausaha. Jaréné, program kuwé sejalan karo konsép pengembangan kewirausahaan nang kalangan pemuda sing terus digencarna pihaké.
Kegiatan industri nang lingkungan sekola kejuruan, jaré Umi, saliyané dadi peluang bisnis sing nguntungna uga bisa ndidik lan mbuka lapangan kerja anyar nang bidang perakitan alat éléktronik.
Sementara kuwé, Kepala Sekolah SMKN 1 Bumijawa Joko Pramono njelasna, NesbuOne yakuwé program SMK Negeri 1 Bumijawa nggo nyiptakna ékosistem industri nang lingkungan pendidikan kejuruan metung program pembelajaran new teaching factory.
Ora mung laptop, jaré Joko, Nesbu sing yakuwé akronim seka Negeri Satu Bumijawa uga mroduksi personal computer all in one lan notebook karo standar produksi kelas nasional sing didukung langsung seka pabrikan karo standar internasional.
Dodolan produk NesbuOne dilakoni metung pemesanan nang laman nesbuone.id. Joko njelasna, nganggoné laman kuwé nggo nggawé gampang konsumén milih produké.
“Saben produk sing didol dipepeki karo garansi sa taun product replacement utawa ngganténi karo produk anyar angger ana kerusakan sing disebabna dudu merga salahé pengguna,” pungkasé Joko. (*)
Discussion about this post