Bagus Dorojatun ora pernah duwé cita-cita nganggo ngurusi kembang anggrék. Tapi nang jero kesibukané dadi kepala rumah tangga, wong Slawi, Kabupaten Tegal kuwé saiki akhire kudu nyempetna ngrawat kembang anggrék sing ditandur nang sekitar umahé.
Lahan ukuran 6 x 10 meter saiki dadi kantor keloro. Ruangan taman anggrék sing tempaté nang Jl Lele 03/01 Kalisapu, Slawi saiki wis nduwéni 500 pot sing keisi pirang-pirang macem kembang anggrék.
“Nggal esuk, seka jam tengah enem nganti jam pitu, aku ngrawat kembang-kembang anggrék sing ana nang mburitan umah. Bar kuwé, enyong aktivitas kaya biasa. Dadi karyawan swasta. Sawisé balik nyambut gawé, seka jam wolu bengi nganti jam sepuluh, enyong ngrawat maning kembang utawa ngecek tanduran kembang anggrék,” tuturé Bagus Dorojatun maring PanturaPost, dina Slasa (27/10/2020).
Bagus ngaku, sing pertama seneng nemen karo sosok kembang anggrék kuwe bojoné. Sekitar patang taun ndisit bojoné wis seneng karo kembang kuwé. Tapi, siji setengah taun disit, salah siji kembang anggrek sing ana nang pot ndéké bojoné kuwé bodhol.
“Pas kuwé bojoné sewot. Akhiré enyong bales dendam gawé tanduran kembang anggrék akéh sekalian lan sinau ngerawat uga,” tuturé.

“Dadi awal tujuané njaga ketentraman umah tangga, asal anggrék megar, umah aman lan bahagia. Seka kono nyong lekas seneng karo kembang anggrék lan tuman nganti saiki.” tambahé.
Saiki wis ana pirang-pirang macem jeniséng kembang anggrék sing ditandur nang mburitan umah. Seka kembang anggrék Dendro, Mokara, Bulan, Oncy, Cattleya lan maring ngarepé pan terus budidaya kembang anggrék werna liyané. Nang wayah pageblug kiyé utawa nem wulan memburi, wong sing minat kembang anggrék molai pada nyumul. Kebukti seka nem wulan memburi akéh sing pesen.
“Budidaya kembang anggrék kuwé padha karo ngrawat kembang-kembang liyané. Tapi, ngrawat anggrék kaya ngrawat kluwargané dhéwék. Kudu tlaten, sabar lan kiyeng. Iya, soalé anggrék kiyé nduwéni karakter sing pirang-pirang. Nyong terus sinau ébén bisa ngrawat anggrék-anggrék kiyé karo apik. Kaya nyong njaga kluwargané enyong ébén terus bahagia lan romantis.”
“Pas ngileng nang mburitan umah utawa tempat lahan budidaya anggrek. Semriwing rasané ngileng anggrek-anggrek sing pada mekar karo werna-werni sing indah kuwé, anggrek mekar kluwarga bahagia, rejeki nambah.” (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post