PEMALANG — Nggo nggenjot hasil vaksin, Polres Pemalang nganakna vaksinasi nang Obyék Wisata Pantai Widuri, dina Saptu (4/12/2021). Pengunjung sing durung pada vaksin ya langsung dikongkon vaksin.
Kapolres Pemalang, AKBP Ari Wibowo ngomong, pihaké masilitasi pengunjung sing durung vaksin. Kegiatan kiyé uga nggo nggenjot hasil vaksinasi nang Kabupatén Pemalang.
“Dina kiyé, sawisé rong jam gerai Si Sambar dibuka, wis 50 wong sing divaksin,” jaréné wayah ngileng kegiatan vaksin nang Pantai Widuri.
Neng kegiatan kiyé, polisi bareng karo TNI lan perwakilan Pemkab Pemalang ngecék pengunjung sing durung pada vaksin karo nggunakna aplikasi pedulilindungi.
“Pengunjung sing konangan durung pada vaksin, dhéwék arahna nggo nglakoni vaksin nang gerai Si Sambar,” tambahé.
Salah siji pengunjung Rian Bayu (22) ngomong, dhéwéké sadurungé ngleboni objék wisata dijaluk nggo scan barcode aplikasi pedulilindungi.
“Nyong wis divaksin nang Balé Désa, dadi langsung manjing maring objék wisata Pantai Widuri,” tuturé.
Rian ngomong, dhéwéké uga dijaluk petugas nggo nuruti prokes, kaya nganggo masker.
“Karo disediaknané gerai vaksin lan nerapna prokes sing ketat nang objék wisata apik nemen nggo ngurangi nyebaré Corona, dhéwék ndukung,” pungkasé. (*)
Discussion about this post