TEGAL —Wisata Guci Kabupatén Tegal molai dikebeki daning wong plesiran pas Dina keloro préi dawa akhir wulan Oktober 2020. Tapi wong sing pada plesir utawa wisatawan kudu nuruti protokol kesehatan.
Katon nang lawang manjing Guci, wong plesiran seka pirang-pirang daérah karo nggunakna kendaraan motor, mobil uga bis kudu ngliwati tahapan protokol kesehatan. Molai seka dipriksani suhu awaké, nganggo masker lan liyané.
PanturaPost ngileng nang lokasi, kendaraan katon pada antri nang lawang manjing wisata Guci. Bangsané motor, mobil utawa bis. Tempat parkir lan ngarep vila utawa tempat sing nggo nginep uga dikebeki daning kendaraan.
“Préi dawa nang akhir Oktober kiyé, nang dina pertama, durung ramé. Tapi nang dina keloro, wis kedadén lonjakan pengunjung. Ramé daning wong plesiran sing pada numpak motor,” omongé Jaénal Asikin, koordinator Satgas COVID-19 Wisata Guci maring PanturaPost, dina Kemis (29/10/2020).
Ngéling-éling kasus COVID-19 nang Kabupatén Tegal ésih manjat, Jaénal Asikin ngomong, pihaké ora kepéngin ana klaster anyar nang aréa wisata. Apamaning saiki ana préi dawa.
Merga kuwé, nang ngarep pos gerbang Guci, ana pengecekan suhu, lan wisatawan wajib nganggo masker. Wisatawan sing konangan ora nganggo masker, ora olih manjing utawa dikongkon balik maning.
“Ana 16 anggota Satgas sing dibagi tugas. Nang antarané nang ngarepéng lawang manjing Guci, pertelon nang njero wisata Guci uga nang wahana-wahana sing ana nang jero Guci,” ungkapé.
Senajan ana lonjakan pengunjung, tapi arus lalu lintas dalan nuju maring Guci ésih lancar. Sementara penginepan sing ana nang wisata Guci katon wis keisi daning wisatawan.
“Wisatawan sing nginep kuwé teka seka dina Rebo utawa mau bengi,” jaréné. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post