TEGAL — Sajegé ungsum préinan sekola, pengunjung nang Daya Tarik Wisata Guci Kabupatén Tegal, Jawa Tengah neng akhir pekan kiyé ramé nemen.
“Akhir pekan kiyé pengunjung sing manjing maring wisata Guci manjat,” tuturé Kasubag TU UPTD Guci, Muhammad Subekhi maring PanturaPost, dina Ahad (3/7/2022).
Neng akhir pekan sadurungé, jaréné, wisatawan sing manjing maring Guci kuwé tekan telung éwonan. Sementara minggu kiyé tekan 4.692 pengunjung.
“Sajegé jam sepuluh awan, kendaraan sing manjing molai ramé. Malah nganti jam telu soré ya ésih ramé. Rata-rata pengunjung sing maring wisata Guci seka luar kota, seka Jawa Barat, Jakarta lan liyané,” ungkapé Subekhi.
“Rata-rata nggawa mobil pribadi. Sing rombongan nganggo bis uga ana, yah sa kluwarga utawa rombongan seka sekola,” tambahé.
Sementara kuwé, salah siji pengunjung seka Bandung, Ilham ngomong, préinan sekola saiki milih plesiran maring Guci. Kebeneran wis suwé nemen ora maring Guci.
“Kebeneran bocah-bocah péngin adus banyu panas nang Guci lan pan nginep. Sadurungé manjing maring guci sempet kena macet. Akalen bisa jalan lon-lonan. Untungé cuaca cerah dadi bisa ngnikmati suasana Guci neng wayah soré,” jaréné. (*)
Discussion about this post