Rabu, Januari 27, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Protokol Keséhatan Nganggo Tembung Wangsalan

“Tuku beras gon ditaker. Péngin waras nganggo masker!”

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/08 6:56pm
2 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

44
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

RAGAM sosialisasi kanggo ngatasi wabah Covid-19, carané pirang-pirang. Ana cara penerangané nganggo pilem, pasang béner pinggir dalan, tembang Tegalan, lukisan, uga liwat penyuluhan-penyuluhan nang balé désa.

Béda maning kanggo kelompoké Mas Jon. Ngadepi pandemi Covid-19 cukup nganggo tembung wangsalan. Sing arané wangsalan kuwé pada baéné badékan, mirip cangkriman. Cara tuang gawé wangsalan ialah, baris pertama arané “Sampiran” sedeng baris sangingsoré arané “Isi”.

“Coba gawéa wangsalan sing hubungané maring protokol keséhatan pimén?” Omongé Mas Jon ngetés maring jakwir-jakwiré.

“Kuwé ta gampang oh Jon,” semauré Kapér gaya ulu.

Baca Juga

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan

27 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021

“Énté aja kur mrupus gél, Pér? Cacak contoné kayangapa?” sela omongané Darto.

“Cérém!”

“Wis nyacak” Darto ndesek.

“Anget-anget wédang jaé….”

“Artiné?”

“Kepéngin slamet nang umah baé,” omongé Kapér karo manggut-manggut.

“Biji satus kanggo énté!”

Sauwisé Kapér dités, saiki gantian déwéké nunjuk maring Darto.

“Coba kowen, To. Aja kur ngongkon tok!”

“Cérém Pér.”

“Ndelén kayangapa, nyong péngin krungu. Kowen jégod beléh?” Kapér ora sabaran.

“Kéwan lembu mamah ketan. Mlebu umah wisuh tangan!” jawabé Darto.

“Biji satus kanggo kowen, To.”

Sidul ndadak kepancing. Kepéngin mujar nganggo unén-unén wangsalan.

“Bab wangsalan diserahna maring enyong baé, Pér?”

“Aja sok, Dul. Coba buktikna. Wangsalané kudu ana sambung rapeté karo protokol keséhatan. Aja nyimpang seka téma.”

“Bérés. Pan njaluk pirang macem?”

Kapér ngenténi Sidul beraksi. Ora kesuwén, Sidul mujar unén-unén wangsalan Tegalan.

“Waluh dipangan karo ebung….”

“Artiné?” pitakoné Kapér.

“Wisuh tangan nganggo sabun!”

Kapér karo Darto mantuk-mantuk. Kaya biasané Mas Jon cukup mésem gél.

“Siji maning apa ndelén?” Kapér nagih. Péngin ngetés Sidul sing moniné jago wangsalan.

“Roti bakar ditambahi ubi…”

“Kerén….” timpal Darto.

“Artiné?” Kapér nimpali.

“Artiné? Bali pasar ganti klambi!”

Kapér karo Darto keprok. Biji satu kanggo Sidul. Mas Jon kur pésam-pésem. Déwéké bangga jakwir-jakwiré pada pinter gawé wangsalan.

“Énté awit mau kur pésam-pésem baé, Jon?” Darto nedur Mas Jon.

“Ora kaya kuwé To. Enyong bangga maring kowen kabéh. Jebul pada jago gawé wangsalan.”

“Kan sing ngajari énté? Percuma dadi jakwiré énté nék ora pinter,” omongé Darto. Tapi Mas Jon ora gelem dialem. Déwéké luwih seneng ngalem. Kanggo déwéké, wenang ngalem wajibé maring Pengéran Allah Ta’ala.

“Cuman kiyé bro….”

“Cuman kiyé pimén Jon?” takoné Kapér ndisiti Sidul pan nyuara.

“Ébén pepek kanggo persyaratan protokol keséhatan, wangsalané mésih kurang loro. Ndelén sapa sing bisa nambahi?” Mas Jon mbalang pitakonan.

Jakwir-jakwiré ora njawab. Wong telu nyerah. Babar blas ora bisa nambahi wangsalan pungkasan.

“Seng, Jon. Cacak wangsalan sing kurang loro apa?” takoné Sidul.

Ora kesuwén Mas Jon mujar wangsalan.

“Ati-ati jaga awak. Aja lali jaga jarak!”

“Sijiné maning apa, Jon?” takoné Darto.

“Tuku beras gon ditaker. Péngin waras nganggo masker!”

“Owh… iya ya?” Jakwir-jakwiré mantuk mantuk.

“Angger ora nganggo masker. Kuman-kuman Covidé pada mlebu cangkem, bisa berabé!” Kapér njawabi sekaligus nutup obrolan. (*)

—–
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” lan uga novelis.

Tags: Lanang setiawanMociProtokol kesehatanTegalanWangsalan
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan
Moci

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan

27 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis
Moci

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

  • Alesan Bapa-bapa Nang Brebes Nyabuli Anaké Tanggané, Merga Ditinggal Bojoné Kerja Nang Arab

  • Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap

  • Tabrak Truk yang Melintang di Depan Pom Bensin Cabawan, Pengendara Sepeda Motor Luka Berat Dihantam Avanza

  • Kepergok Curi Bawang 75 kilogram di Brebes, Warga Tegal Ditangkap

MEDIA SOSIAL

  • 122.2k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X