Rantamsari, Mbaurekso Segara Tegal Mecah Dadi Loro - Panturapost.com
Kamis, Februari 25, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Rantamsari, Mbaurekso Segara Tegal Mecah Dadi Loro

Déwi Rantamsari kok ana loro gén séjén-séjén?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/02/17 9:25pm
3 min read
0
Rantamsari, Mbaurekso Segara Tegal Mecah Dadi Loro
172
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

NYANGGROK nang komplék padolan panganan cepat saji Omah Jagong kidul Btigif, Slawi, Kabupaten Tegal, Mas Jon weruh salah siji pelukis lagi suntuk corat-corét nang kanvas. Weruh saka kadohan, Mas Jon sing lagi nikmati mi godog gawéané Diah Setyawati, jakwir seniman sing mbuka warung ning kono, rasané kurang marem.

Déwéké latané marani sang pelukis sing lagi asyik ngrampungna lukisané. Obyék lukisan sing lagi digarap, ana telung sosok. Nang nduwur pojok kiwa sosok wong wadon érotis, rambuté dawa mengibar-ibar ketampek angin. Lukisan wong wadon kuwé digambar nang nduwur segara sing ombaké menggila. Déwéké nganggo  sandangan warna ijo mencorong. Sawetara nang nduwur posjok sisih tengen, sosok wong lanang kumisen jénggoté ireng ketel, endasé nganggo udeng-udeng putih kaya Pangéran Diponegoro. Nang tengah-tengah gambar wong loro kuwé, gambar sosok wong wadon ayu rambuté disanggul nganggo mahkota. Penganggon sandangané kemben warna keemasan. Ngingsorané tapih lurik.

Maring pelukis sing lagi suntuk nggambar, Mas Jon nebar omongan.

“Mas salam kenal. Nyong Mas Jon.” Mas Jon ngulurna tangan disambut uluran tangan sang pelukis.

Baca Juga

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
Bulog Jamin Stok Beras di Eks Karesidenan Pekalongan Aman Meski Cuaca Ekstrem

Bulog Jamin Stok Beras di Eks Karesidenan Pekalongan Aman Meski Cuaca Ekstrem

24 Februari 2021
Banjir Rendam Kompleks Gubernuran Jateng, Ganjar: Agak Aneh

Saat Banjir di Kantor Gubernuran Jateng Surut dalam Waktu 1,5 Jam

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021

“Nyong Dudung Corat Coret. Aran asli Dudung Abdurahman. Cukup diundang Dudung, asal Indramayu, Jawa Barat,” omongé Dudung ngenalna aran lan asal panggonan kelairané. Jaré déwéké, tekan ning Slawi, jalaran mélu paméran lukis sing digebér gonéng Sanggar Asah Manah awit tanggal 24 Januari kosih tanggal 4 Fébruari 2021. Sajegé kuwé, Dudung betah manggon nang Omah Jagong.

“Mas Dudung, nyong péngin ngerti sing lagi dilukis kuwé sapa?” takoné Mas Jon.

“Jaré wong sing pada ndeleng lukisan kiyé, wong wadon loro sing tak lukis moniné Déwi Rantamsari. Sedeng sosok wong lanang sing nganggoné udeng-udeng, moniné mirip sunan. Ana sing ngarani jaréné Sunan Panggung,” jawabé Dudung tetep baé nglukis sing tembé olih 50 prosén.

“Mas Dudung, Déwi Rantamsari kok ana loro gén séjén-séjén? Sing nang nduwur rambuté dawa nganggo sandangan ijo. Sedeng gambar wong wadon paling menonjol sing ana nang tengah-tengah, nganggoné sanggul pakeané kemben warna keemasan. Ngingsorané tapih lurik. Bisané béda-béda? Kesané Déwi Rantamsari membelah raga dadi wong wadon ayu tapi séjén kabéh,” takoné Mas Jon kepéngin ngerti penjelasané Dudung.

Sejenak sang pelukis mandeg nglukis.

“Enyong déwék bléh ngerti, Mas? Sewaktu nyong nglukis nang Pantai Alam Indah, penginé nggambar sang Ratu Déwi Rantamsari, sing mbaureksa segara lor Kota Tegal. Mung baé, nalika nyong nglukis, pikiran lan tangané enyong kaya ana sing nuntun. Walhasil dadi lukisané wong wadon kadéhé loro. Nah! Jaré wong-wong sing ndeleng, sosok wong wadon kuwé Déwi Randamsari!” Dudung njelasna prosés nalika déwéké nglukis.

Minurut déwéké, samana uga sanalika lagi asyik nggambar, muncul sosok bayangan nang penganenané, yakuwé sosok wong lanang sing nganggoné udeng-udeng.

“Akhiré wujud lukisané enyong, Déwi Rantamsari mencah raga dadi loro karo wong lanang sing jaréné wong-wong, mirip Sunan.”

Mas Jon terus nyatet omongané Dudung nang hapé. Sonder ditakoni, Dudung crita pengalaman mistis nalika nang umahé lagi nggambar Ratu Roro Kidul, ujug-ujug Sang Ratu segara kidul njéjéri déwéké.

“Nalika samana, nyong lagi nglukis Nyair Roro Kidul, jaré kakangé enyong, Sunanto, kambén kanca batir Sutanrno uga Uuk meruhi ana wong wadon ayu por nemen njéjéri enyong. Selawas urip wong telu kuwé, moniné tembé weruhi wong wadon sing ayuné sejagad. Sosok wong wadon kuwé nganggo kebaya ijo tajem kebiru-biruan. Rambuté disanggul nganggo mahkota kaya putri-putri keraton Jawa.”

Krungu pengalaman mistis sing diomong Dudung, mata Mas Jon ora kedép. Tapi pikirané nrawang adoh. Jagad lelembut nang alam gaib, kadang-kadang ora keduga ngaton lan ora jarang ngerasuk ning ragané menungsa. Salah siji sing sokan ngeraku maring prawan ting-ting, hyakuwé nalika ana pegelaran kesenian tradisional Sintrén. Raga Sintrén ujug-ujug dileboni ruh Déwi Rantamsari, sing dadi ‘putri’ segara lor Tegal. Adong nang pesisir Pekalongan, raga Sintrén dileboni ruh Putri Déwi Lanjar.

Jaré Dudung, lukisan-lukisan sing akéhé obyék wong wadon mistik,  sokan dipesen wong-wong ngendi paran. Utamané wong-wong spiritual sing duwé élmu kebatinan.

“Sing pesen lukisané enyong, akéhé wong-wong spiritual sing duwé élmu linuwih. Salah siji lukisan Nyai Roro Kidul dipesen Mbak Ayu Lintang Amoro Jingga saka kalangan spiritual Jawa Timur,” omongé Dudung. Saka kono, déwéké akhiré mutusna obyék-obyék lukisan Sang Putri sing dadi mitos.

“Okéh Mas Dudung. Kesuwun penjelasané.” Mas Jon mungkasi wawancara. (@)

—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.

Tags: MociRoh Dewi RantamsariTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén
Moci

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka
Moci

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13
Moci

Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

22 Februari 2021
Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal
Moci

Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal

20 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X