Rega Séwa Stan nang Féstival Kulinér UMKM Brebes Jaréné Kelarangen – Panturapost.com
Senin, Mei 16, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Rega Séwa Stan nang Féstival Kulinér UMKM Brebes Jaréné Kelarangen

Ora mung kuwé, rega panganan nang kana uga jaréné larang-larang.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
20 Januari 2022
3 min read
0
Harga Sewa Stan dan Menu Makanan di Festival Kuliner UMKM Brebes Dinilai Kemahalan

Pameran festival UMKM di Islamic Centre Brebes. (Foto: Istimewa)

747
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

 

BREBES — Rega séwa stan paméran Féstival UMKM sing diadakna nang Islamic Center Brebes dianggep kelarangen lan mbebani para pelaku UMKM. Ora mung kuwé, rega panganan nang kana uga jaréné keléwat larang.

Salah siji peserta paméran, Adian (40) umpamané, ngangluhna rega séwa stand sing tekan Rp 1,8 juta. Rega kuwé nggo séwa 10 dina sajegé tanggal 14 Januari nganti 23 Januari 2022.

ADVERTISEMENT

Wong lanang seka Kaligangsa Wetan kiyé nyatakna, féstival nggo nyambut Hari Jadi Brebes mlaku karo apik lan akéh pengunjung sing pada teka bareng karo kluwarga nganti bengi. Tapi, dhéwéké uga ngangluhna lawasé gelaran kiyé kedadén ésih anané runtah nang lokasi acara.

Baca Juga

Dikabarkan Hilang, Pria Asal Brebes Ditemukan Tewas di Sungai Cisanggarung Cirebon

Dikabarkan Hilang, Pria Asal Brebes Ditemukan Tewas di Sungai Cisanggarung Cirebon

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022

“Durung maning urunan kebersihan sing per dinané dipatok Rp 5 éwu. Toli, fasilitas sing disediakna neng acara Gelar Produk UMKM nggo meringati Hari Jadi Brebes kiyé uga minim. Runtah ésih pating tlékték nang lokasi,” angluhé Adian, dina Rebo (19/1/2022).

ADVERTISEMENT

Saliyané kuwé, jaréné, kondisi cuaca uga duwé pengaruh maring pendapatané dhéwéké sajegé dibukané acara kuwé. Wayah udan neng soré ngantikan bengi, dagangané sepi pengunjung gara-gara ora anané tempat nggo ngaub.

Padahal, neng dina ke loro acara, pengunjung ngebeki lokasi ngantikan moyék. Tapi neng dina selanjuté wayah mudun udan, féstival UMKM kiyé sepi pengunjung.

“Kendalané wingi ana udan, sadurungé udan alhamdulillah ramé. Sawisé udan, wis laka pengunjung maning,” jaréné.

Sementara kuwé, bakul harumanis karakter lan és kebul, Kharis Setiawan, ngomong, rega séwa stand sing tekan Rp 1,8 juta kuwé étungané larang. Apamaning lawasé rong taun kiyé usaha dhéwéké keimbas pageblug Corona.

“Nyong adol harumanis karakter kéwan kaya beruang, kelinci, bebek. Angger és kebul Rp 20.000 sa porsi,” jaré Kharis Setiawan.

Sementara kuwé, pengunjung sing arané Athifa, ngomong jajanan nang lokasi kuwé étungané larang. Séjén karo rega jajanan nang luar acara kuwé, senajan tuku nang bakul sing padha.

Nggo rega snack sing lagi ungsum saiki snack kemebul sing diolah karo nitrogén cair. Regané molai seka  Rp. 20-30 éwu per porsi nang lokasi kuwé.

“Akéh jajanan sing regané larang. Uga ana jajanan sing porsiné sacuil tapi regané larang,” angluhé Athifa.

Pengunjung liyané, Harti, ngomong nang perek lokasi Gelaran Produk UMKM laka kakus. Pengunjung kudu luruh kakus manjing maring koloman Islamic Center.

Fasilitas liyané sing diangluhna yakuwé sacuilé méja lan jengkok sing dienggo pengunjung nggo nyantap jajanan. Dadiné, pengunjung sokané pada rayahan tempat njagong nang lokasi féstival kiyé.

“Wayah pengunjung mangan jajanan nang jengkok ora disediakna tempat sampah. Dadi wayah genténan njagong nang kono, akéh runtah pating tlékték. Akéhé panganan Korean Food, laka panganan tradisional,” jaré Harti.

Sementara kuwé, Panitia Hari Jadi Brebes bagian Séksi Bazar lan Kulinér, Yulia Hendrawati, ngomong biaya acara Gelar Produk UMKM Brebes kiyé ditanggung bareng-bareng daning para pelaku UMKM.

Biaya kuwé, jaréné, diperlukna nggo mbayar ténda stand, layos, listrik, lan biaya keamanan lan liyané lawasé sapuluh dina. Mugané, nggo pelaku UMKM sing méloni acara kiyé kudu urunan nggo biaya kebutuhan kuwé.

“Nah kiyé ditanggung bareng-bareng nggo biaya listrik lan liyané kaya ornamén-ornamén. Mugané, dhéwéké dikenakna biaya séwa stand sing pirang-pirang,” jaré Yulia Hendrawati.

Jaréné, biaya séwa stand molai seka Rp 1,5 juta nganti Rp 2 juta. Nggo stand nang bagian gapura lawang manjing utawa bagian ngarep dikenakna biaya Rp 2 juta. Selot memburi, biaya stand selot mudun ngantikan rega Rp 1,5 juta. Biaya stan kiyé wis disepakati bareng daning pihak panitia Hari Jadi Brebes ke 344 taun. Tapi ora sakabéhanéng 47 wong dagang dikenakna biaya.

“Dadi angger sing bayar kuwé, sing ngedol sa produké dhéwék. Angger komunitas kuwé sa ténda isiné akéh wong dagang. Mugané digratisna. Ana 10-11 ténda sing digratisna,” omongé.

Kekait pungutan biaya kebersihan limang éwu sa dina sing dikenakna maring masing-masing ténda, dhéwéké ngaku durung ngarti. Jaréné pungutan biaya kebersihan kuwé neng luar sepengetahuané panitia. Pihaké ya pan ngecék maring lokasi kekait anané pungutan biaya kebersihan kuwé.

“Dhéwék seka panitia durung ngarti ana tambahan biaya kebersihan sadina Rp 5.000. Kiyé mengko cacak nyong cék disit ya,” pungkasé. (*)

Disunting: Irsyam Faiz

 

Tags: brebesPameran UMKM BrebesUMKMWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265
Warta Ngapak

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 
Warta Ngapak

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon
Warta Ngapak

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Viral Video Emak-emak di Pekalongan yang Buang Sampah di Tepi Jalan
Warta Ngapak

Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan

13 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In