TEGAL — Bis rombongan santri seka Pondok Pesantrén (Ponpes) Darul Hijrah Kota Tegal ngguling maring jurang wayah mudun nang Bukit Siwuni, Désa Karangjambu, Kecamatan Balapulang, Kabupatén Tegal, dina Kemis, (2/12/2021) awan. Akibaté, welasan santri ngalami luka luka.
Kedadénan awalé wayah rombongan kuwé plesiran nang Objek Wisata Pemandian Air Panas Guci. Sekitar jam setengah loro awan rombongan ninggalna objék wisata.
Pas nang mudun Bukit Siwuni, bis plat nomer B 7039 KJA sing dijalakna daning Wahidin (53) warga Kelurahan Randugunting, Kota Tegal ngalami rém blong. Bis mblandrang lan nabrak adang-adang dalan sing tengen lan ngguling maring jurang sajero kurang luwih limang méter.
“Iya rém blong. Angger pas mangkat normal sih. Tapi wayah balik pas pan nglinter dalan mudun, ana mambu geseng kampas rém,” omongé Wakhidin wayah ditemoni nang lokasi kedadénan.
Ngarti rém-é blong, Wakhidin ya mbanting stir kendaraan maring arah tengen nggo ngurangi kecelakaan. Pasalé seka arah kuwalikan akéh kendaraan sing nglinter.
“Nyong spontan baé guwang maring arah tengen soalé nang ngarep akéh kendaraan. Tapi sempet nabrak kol bak,” ungkapé.
Bis ndéké Ponpes Darul Hijrah kuwé ngangkut kurang luwih telungpuluh wong. Merga kedadénan kuwé, sekitar pitulas wong ngalami luka luka. Untung bayi papat sing dadi penumpang ora ngalami luka-luka. “Mung luka luka énténg. Lan saiki wis digawa maring Polsek Lebaksiu,” jaréné.
Sementara, tim médis nekani Polsek Lebaksiu nggo méin pertolongan. Seka pitulas santri sing ngalami luka-luka, siji neng antarané digawa maring RS Hawari Esa Lebaksiu nggo cék luwih lanjut.
Sementara kuwé, supir kol bak Jaenudin (50) warga Désa Bumijawa ngaku ora ngalami luka. Tapi mobil neng bagian ngarep sewelah kiwané ringsek merga disrudug bis.
“Nyong seka arah ngingsor pan balik tes adol jagung. Mobilé bodhol soalé kesrudug lan sempet kesurung mundur rong méter,” jaréné.
Kasat Lantas Polres Tegal, AKP Dwi Himawan ngomong, sing nggawé kecelakaan dinyana merga bis ngalami rém blong. “Korban mung luka énténg, lécét-lécét. Nggo bis ésih lagi dipriksa,” jelasé. (*)
Discussion about this post