BREBES — Kecelakaan runtungan kedadén nang dlanggung nasional Tegal-Purwokerto, tepaté nang Désa Pagojéngan Kecamatan Paguyangan Kabupatén Brebes, dina Saptu (19/6/2021) sekitar jam tengah pitu ésuk.
Trek gandeng karo plat nomer K 8034 OE sing nggawa gandum nyrudug telung kendaraan nang ngarepé. Merga kecelakaan kiyé, patang wong ngalami luka jahat. Saiki ke papat korban wis dirawat nang RS Aminah Bumiayu.
Informasi sing dikumpulna daning PanturaPost nang lokasi kedadénan, sing nggawé kecelakaan dinyana merga trek ngalami rém blong. Trek mblandang lan nyrudug ngantikan nggéréd mikro ngantikan ana pirang méter.
Salah siji saksi sing arané Halimah (57) ngomong, wayah kecelakaan dhéwéké lagi ana nang ngarep umah. Pas kuwé kondisi gili gedhé lagi ora patia ramé.
“Nyong pas ésuk lagi nang émpér umah lagi blanja sayuran,” jaréné.
Jaréné, pas kuwé bakul sayur karo gerobaké ana nang émpér umahé. Ujug-ujug ana mikro seka arah kidul (Purwokerto) kegéréd ngantikan nyrudug ngarep umahé.
“Nyong malah semadan ngarep, lah angger bakul karo gerobaké nang mburiné nyong. Ujug-ujug seka adoh weruh ana mikro nuju maring nyong,” jaréné.
Saliyané nyrudug kendaraan, trek uga mbodhol rajeg SMK Amalia lan tiang umah sing ana nang sebelah umahé Halimah. Sementara muatan sing isineé ton-tonan gandum sing ana nang trek ya pada tumplek pating tlékték maring dalan.
Sukur Halimah karo bakul sayur ora ngalami luka babar blas. Tapi rong mobil sing keparkir ngarep umahé Halimah pekok.
“Alhamdulillah nyong lan bakul sayur langsung mlayu maring njero umah. Tapi trek karo mikro nyrudug rong mobil sing ana nang ngarep umahé nyong,” tuturé.
Ngantikan berita kiyé ditulis, Poslantas Bumiayu lan puluhan warga pada ngévakuasi lan mbresihna tumplekan gandum nang dlanggung. Warga lan petugas uga pada ngévakuasi ana pirang kendaraan termasuk trek karo mobil dérék. (*)
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post