Rombongan Garong nang Brebes sing Mbobol Koprasi Diréok Polisi – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Rombongan Garong nang Brebes sing Mbobol Koprasi Diréok Polisi

Wong-wong kuwé dicekel pas lagi pada turu nang markase nang crebon

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
13 September 2020
1 min read
0
Tim Resmob Gabungan Tangkap 3 Pelaku Pembobol Koperasi di Brebes
Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Tim Gabungan Polsek Wanasari karo Resmob Satresreskrim Polres Brebes bareng karo tim seka Polda Jateng winginané bar nangkep rombongan garong. Maling-maling kuwé diréok polisi sawisé nggawa mlayu duwit koprasi sing nang Klampok, Wanasari, dina Senen, 13 Juli 2020.

Duit sing digarong kuwe jumlahé nganti Rp 40,7 juta luwih. Padahal didokon neng jero brankas sing wis digembok kenceng nemen.

Garongé ana telu, arané Slamet (43) karo Imam (21) wong Cilincing Jakarta Utara, lah siji maning sing wong Banjarharjo Brebes arané Kusno (55). Wong-wong kuwé dicekel neng markasé sing ana neng wilayah Désa Kudu Keras, Kecamatan Babakan, Kabupatén Cirebon, Jawa Barat.

ADVERTISEMENT

“Pelaku kuwé dicekel daning tim gabungan seka Gabungan Polda Jateng, Résmob Polrés Purworejo, lan unit reskrim Polsék Wanasari,” omongé Kasatréskrim Polrés Brebes, Agus Supriyadi.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Lah, nggo barang bukti sing wis diamana polisi, yakuwé kaos oblong siji warna ireng sing ana tulisané superior, HaPé oppo siji tipe A1K warna ireng, clana jeans warna biru siji, karo tugelan wesi sing nggo nyangga brangkas siji.

“Modus operandiné pelaku nyongkél lawang ngarep koprasi nganggo gejig. Saliyané duwit neng njero brangkas, pelaku uga nggawa mlayu BPKB mobil sing dibenahi neng njero brangkas,” tuturé.

Gara-gara kelakuané, ketelu pelaku diwéin pasal sing anceman ukumané penjara 5 taun luwih. (*)

Kiye video detik-detik rombongan garong kuwé diréok polisi.

ADVERTISEMENT

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakbrebesGarongPolisiWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In