Ronggéng Pendem Tumbal Jembatan – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Ronggéng Pendem Tumbal Jembatan

Pernah krungu cerita Ronggéng dipendem urip-uripan dadi tumbal pembangunan jembatan?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
17 Oktober 2020
3 min read
0
Asal Muasal Brug Suling

Ilustrasi jembatan. (Foto: Pixabay)

Share on FacebookShare on Twitter

PERNAH krungu cerita Ronggéng dipendem urip-uripan dadi tumbal pembangunan jembatan? Istilah gemiyén arané: bedogan! Kiyé critané Jon Dapuk nalika jakwir-jakwiré kumpul nang panggonan kaya biasané: Pos Ronda!

“Ish! Kayong serem nemen, Jon?” takoné Sidul. Gitoké langsung mrinding.

Kaya biasané Jon Dapuk ora nyemauri omongané jakwiré sadurungé jakwir liyané nguncalna pitakonan.

ADVERTISEMENT

“Kuwé crita temenan apa kur dosbolan gél, Jon?” sambung pitakoné Kapér.

Baca Juga

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023
Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023

“Énté olih crita kuwé saka sapa? Bener ana apa kur gawéan? Kedadiané nang endi?” Sakalé Darto patiya ora ngandel, mung baé penasaran. Sebab sing ngomong dudu wong liya, tapiné Jon Dapuk sing ora tau goroh

“Nyata apa orané, nyong ora ngranapi. Wong kedadian jaman penjajahan Landa. Jelasé baé, narasumbéré enyong crita kaya kuwé. Soal crita kuwé karangan utawané kur mitos, mbuh baé. Sing penting crita “Ronggeng Pendem” menarik kanggo digawé brita!” Jon  Dapuk ngomong apa anané, ora digawé-gawé. Sebab disiplin wartawan kuwé ora olih ngarang. Bahan britané kudu fakta… fakta… lan fakta! Kuwé ajaran kedisiplinané wartawan.

ADVERTISEMENT

Jakwir-jakwiré mantuk-mantuk. Percaya omongané Jon Dapuk.

“Critané pimén sih, Jon?” takoné Kapér.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk crita, déwéké ngombé wédang téh poci latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér nyomot rokok saeler dékéné Jon Dapuk. Sedeng Sidul karo Darto nyomot kacang klitik sing kesanding nang adepané. Ora let suwé Jon Dapuk siap-siap mbabar crita. Jakwir-jakwiré njémbréng kuping pan pada ngrungokna.

Jaré Jon Dapuk, kedadian Ronggéng dipendem urip-uripan, templaté nang pintu ari Jembatan Kebumén wilayah Desa Bumiharja, Kecamatan Tarub, Kabupaten Tegal. Jaré salah siji Pamong Desa kono, sebut baé arané Kasnap, nalika samana jaman penjajahan Landa abad 19. Miturut Kasnap, ning désa kono lagi ana pembangunan pintu air Jembatan Kebumén, tembé anjog tahap pemasangan pondasi. Salah siji bengi, mandor bangunané diimpéni wong tua. Sajeroné impén, mandoré dipesené dikongkon golét tumbal Ronggéng. Kagét ora ketulungan mandoré olih impén kuwé. Impéné ora kur sepisan tapiné ping telu adil. Akhiré, mandoré rembugan karo sesepuh-sesepuh désa. Keputusané, mandor karo sesepuh désa nekani salah siji Ronggéng sing ana nang Desa Bumiharja. Sebut baé aran Ronggéngé: Mawar.

“Toli pimén Jon?” timpal pitakoné Sidul medot critané Jon Dapuk.

“Akhiré Ronggéng Mawar nyanggupi nekakna Ronggéng kon dapukan ning Desa Bumiharja.”

“Trus?” timpal Kapér.

“Malem perhélatan ronggéng digelar. Rencana karo skenario njebak diolah serapi-rapiné. Panggonan péntasé ora adoh sekang lokasi pembangunan pintu air jembatan. Tepat jam rolas bengi, Ronggéng karo tetabuhané mandeg greg! Sesuai rencana, mandor karo Ronggéngé mudun maring jembatan. Kahanan waktu samana peteng dedet. Tangané Ronggéng digandéng pan diajak kencan, panggonané pas nang dasar jembatan sing bentuké kerangka beton gén wesi pating slongat menduwur. Anjog nang tempat kono, Ronggéng disekap, tangané dibanda….” Anjong nang kéné Jon Dapuk ngandeg omongan.

“Up!” Ndadak tangané Sidul nutupi cangkem. Déwéké ngrajug.

“Terus pimén Jon?” Kapér mbalang pitakonan. Orabada atiné deg-degan kaya ana sing ngantemi. Sedeng Darto cangkemé ndomblong. Embuh sing dirasa apa. Jelasé baé, nang bengi kuwé rasa-rasané kaya dibekep hawa ngédapi.

“Ronggéng njerit. Brusaha mbanggél tapi awaké terus dibanda saporété. Ronggéngé ngrintih. Ujug-ujug mandoré mencolot latané….” Sapisan maning, anjog nang kéné Jon Dapuk medot critané.

“Ujug-ujug pimén Jon?” takoné Sidul penasaran.

Jon Dapuk ngunjal ambekan. Ana rong menitan déwéké ngandeg crita. Jakwir-jakwiré mangkina ndomblong. Prasaané kecekam.

“Ujug-ujug apa Jon?” Kapér pada baéné penasaran. Darto mangkina mrinding. Matané molai merkabak. Wong siji kiyé sakalé dedeg pengadegé gedé duwur, tapiné céngéng. Matané-mata yuyu. Kiyé ciri khasé Darto, ora kuwatan angger krungu crita ngenesi.

“Ujug-ujug…. Ronggéng sing lagi kempis-kempis lan ngrintih-ngrintih dibanda nang sajeroné kerangka wesi, awaké ditibani puluhan kibik semén campur krikil. olahan bahan-bahanan bangunan!” omongé Jon Dapuk.

Krungu critané kaya kuwé, Sidul karo Kapér tutupan cangkem. Tapi matané mlotot Sedengé Darto tutupan rai bebareng ngguguk-ngguguk, nangis satemené.

“Kuwé sejarahé Ronggéng Pendem, Jon?” omongé Kapér ora peduli Darto méwék-méwék.

“Ya!”

“Critané cukup Jon, cukup! Yanu ora kuwat, cukup Jon. Cukup!” Darto terus baé méwék.

Kemelasen maring kahanan Darto, Jon Dapuk ndadak nutup crita Ronggéng Pendem. (*)

—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel. 

Tags: Lanang setiawanMociRonggéng Pendem Tumbal Jembatan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In