Sastra Tegalan Alih Generasi Maring UPS – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Sastra Tegalan Alih Generasi Maring UPS

Perkiraan Sastra Tegalan khususé jagad puisi bakal bubar, bisa dijamin ora bakal kedadén.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
9 November 2020
3 min read
0
Sastra Tegalan Alih Generasi Maring UPS

Imawan Sugiharto. (Foto: Facebook)

Share on FacebookShare on Twitter

PERKIRAAN Sastra Tegalan khususé jagad puisi bakal bubar, dijamin ora bakal kedadén. Nyusul dosén Universitas Pancasakti (UPS), Kota Tegal nebar sampul buku antologi Puisi Tegalan. Ora tanggung-tanggung jumlahé 10 buku. Buku-buku sing lagi prosés cetak kuwé dishare nang Group WhatsApp “Republik Tegalan” sing diadmini Jon Dapuk.

Ning waktu samana, Jon Dapuk ngrasa kecéwa jalaran jakwir-jakwir sing pada nulis Puisi Tegalan selawas kiyé, jebulé separo ati. Bab kuwé sing akhiré gawé Jon Dapuk jéngkél latané nebar status nang group WhatsApp kuwé.

“Sastra Tegalan bakal bubar!”

ADVERTISEMENT

Kuwé isi tulisané Jon Dapuk.  Maca statusé Jon Dapuk, Kapér, Sidul, uga Darto sontak réaksi.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Mengenal Sastra Tegalan hingga Aliran Baru Puisi Tegalerin 2-4-2-4

26 Desember 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022

“Sastra Tegalanan aja kosih bubar, Jon. Wis seprapat abad punjul, lokén kur étungan detik pan bubar? Tulung Jon, sakuwat-kuwat kudu dipertahana. Kowen kuwé tiang Sastra Tegalan, Jon.” Kiyé tanggapané Kapér.

Jon Dapuk ora peduli tanggapané tulisané Kapér nang Group WhatsApp “Republik Tegalan”.

Nongol maning tanggapan saka Darto.

“Yanu dudu wong sing jégod gawé puisi. Tapi énté aja ngambek owh? Angger Tegal laka Sastra Tegalan, apa sing pan dibanggakna wong Tegal? Bahasané? Bahasa Tegal kur dadi ujaran guyonan. Lokén énté ora ngélingi sing kaya kuwé? Jujur yanu keberaten angger Sastra Tegalan bubar! Énté dongé lagi kesambet apa culag maring sapa sih, Jon?”

Jon Dapuk ora nanggapi komentaré Darto. Nongol maning komentaré Sidul.

“Payah kowen Jon. Puisi Tegalan wis moncér maring endi-endi baé. Seniman-seniman luar kota bangga anané Puisi Tegalan sing terus gemladag ngobong jagad susastra Nasional, masa sih pan dibubarna? Enyong ora trima angger kowen kaya kuwé. Inget Jon? Sastra Tegalan kuwé siji-sijiné harta kebanggaan wong Tegal sing mampu njunjung bahasa Tegal, apa kowen lila bahasané enyong kowen balik maning pan diina-ina laka ajiné? Enyong dudu penyair tapi ngerasa duwé bahasa sing moniné kasar, tapi sajegé didadékna bahasa sastra, derajat bahasa Tegal kejunjung duwur. Ya…. idep-idep apa Sastra Tegalan aja kosih bubar! Tulung lah Jon, Sastra Tegalan kudu dipertahanna aja dibubarna. Siji-sijiné sing bisa ngobong sapa baé, kur kowen Jon?”

Jon Dapuk ora njawab WA-WAné jakwir cétém sing mélu dadi anggota Group WA “Republik Tegalan”.

ADVERTISEMENT

“Sastra dan Puisi Tegalan ora bakal bubar!” Ujug-ujug Dr. Tri Mulyono, dosen bahasa sing ngampu mata kuliah bahasa lan Sastra Tegalan nang UPS nebar tulisan. Ora baén-baén langsung ngeshare sampul buku antologi Puisi Tegalan. Cover buku sing dishare kuwé judulé “Ngopéni Janji”, “Ngolah Rasa”,  Selawasé Dadi Siji”, “Lengkang”, “Ngeluk Boyok”, “Créngkéng”, “Budaya Tegal”, “Sepincuk Ponggol”, lan malahan Ibu Leli Triana sing dadi Kaprodi bahasa lan Sastra nang UPS langsung nelorna buku antologi Puisi Tegalan tunggal judulé “Larangan Raya”.

“Aja kuwatir Sastra Tegalan ora pan bubar. Sastra Tegalan terus murub mulad-mulad senajan kaya sentir. Puisi Tegalan berkembang pesat nang UPS, salah siji buktiné buku-buku sing lagi prosés cetak!” omongé Pak Tri njawabi Jon Dapuk sing naga-nagané kayong lagi culag.

Maca tebaran cover-cover buku kuwé, Jon Dapuk mantuk-mantuk. Jebul, apa sing tau diomongna Dr. Imawan Sugiharto SH MH selaku Ketua Yayasan Pendidikan Pancasakti, waktu ana peluncuran buku “Maufur Njunjung Duwur Nilai Luhur” karyané Muarif Esage, ora baén-baén, duwé kepénginan adong nang UPS pan didakna pusat kajian lan basis Sastra Tegalan. Ora baén-baén olih didukung saka para dosén lan mahasiswané.

“Énté maca nang Group WA “Republik Tegalan” kan, Jon? Sastra mawujud Puisi Tegalan ora bakal bubar. Sastra Tegalan bakal murub terus sadawané jaman, Jon? Énté aja kecil ati senajan para sesepuh Sastra Tegalan wis pada loyo, tapi selagi Ketua Yayasan Pendidikan Pancasakti dicekel Pak Imawan bakal murub terus lan ora tanggung-tanggung pan ngopéni termasuké mbantu ‘uwur’ semapuné! Sebab UPS wis duwé tekad, bakal ndadékna UPS dadi Pusat Kajian lan pan ngopéni Sastra Tegalan sampé kapan baé! Énté aja mangmang maning, Jon? Saaté Sastra Tegalan alih generasi. Wong-wong tuwa sing embal-embul, tinggal baé!” omongé Darto.

Krungu omongané Darto sing ora pranti-pranti urusan maring jagad sastra, ndadak mélu cawé-cawé ndadékna urubé semangat Jon Dapuk mulad-mulad maning! (@)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociSastra Tegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Sastra

Mengenal Sastra Tegalan hingga Aliran Baru Puisi Tegalerin 2-4-2-4

26 Desember 2022
Keunikan dan Kesopanan Bahasa Tegal
Opini

Keunikan dan Kesopanan Bahasa Tegal

8 Desember 2022
Ahli Waris Penyair Dwi Ery Terima Honor Buku Puisi dari Perpusda Kota Tegal
Sastra

Ahli Waris Penyair Dwi Ery Terima Honor Buku Puisi dari Perpusda Kota Tegal

2 Desember 2022
Lomba Maca Puisi Tegalan 2 Jenis Aliran
Sastra

Lomba Maca Puisi Tegalan 2 Jenis Aliran

30 November 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In