BENGI kuwé Darto, Kapér, Sidul, uga Jon Dapuk embuh bisa pet.. pet..pet! Laka suarané. Wong papat kur dolanan HP. Jon Dapuk sing biasané mbabar crita, dengarén temen bengi kiyé uga mélu-mélu dolanan HP. Jakwir-jakwiré ngerasa uteké Jon Dapuk kayong lagi bebel ndadékna suasanané ora rahat. Sebaliké Jon Dapuk samana uga ngrasakna apa sing lagi dirasakna jakwir-jakwiré. Walhasil, sepi ditutugna sepi, suwung ditudugna suwung. Kosih akhiré Sidul ndadak mujar tapi nadané ngemu dugal campur ngaluh.
“Ana wong papat pada ngumpul sapanggonan, tapi rasané kok kaya nang kuburan ya? Kabéhané pada sibuk dolanan HP. Enyong dianggep sétan, kowen kabéh dirékené uga sétan. Enyong kowen saluguné menungsa apa kumpulan para sétan? Njagongé bareng, njongkot sekanca bareng tapiné ngobrolé karo wong liya sing langka jongkoté. Gebleg siji gebleg kabég, compong siji compong kabéh. Ajib mbangkana ajib! Sarana HP jebulé ngrusak pergaulan….” Ujug-ujug Sidul nguara. Nadané kayong culag campur ngangluh.
Krungu omongané Sidul, jakwir-jakwiré ndadak nggrégah.
“Apa artiné kumpul-kumpul angger kur pada dolanan HP? Ndelén HP-né didalah. Aja ana sing ngurubna HP, kabéh kudu disipet!” sambung omongané Sidul.
Agé-agé HP-né jakwir-jakwir disipeti latané ndadak didalah nang adepané déwék-déwék. Sanalika kahanan sepi njiret.
“HP wis pada disipet kabéh. Saiki pan apa, Dul?” Kapér mbalang omongan.
“Enyong pan takon maring Jon Dapuk. Kiyé masalah penting kanggo nyong kowen,” omongé Sidul.
“Pan takon apa Dul?” jawabé Jon Dapuk.
“Mau awan, waktu nyong mangkat mancing, liwat ngarep Universitas Pancasakti, maca spanduk tulisané “Peluncuran Buku, Maufur Njunjung Duwur Nilai Luwur”. Pembicarané Dr. Tri Mulyono kambén Dr (c) Dina Nurmalisa. Sing diluncurna buku apa gén pengarangané sapa? Kowen ngliput ora?” takoné Sidul maring Jon Dapuk.
“Owh iya, Dul. Nyong ngliput. Buku kuwé karangané Muarif Esage, sawijiné guru SMA Negeri 1 Slawi, Kabupaten Tegal. Sing dibahas, perihal karya puisi Tegalané Pak Maufur. Kowen ngerti sapa Pak Maufur?” Jon Dapuk nerangna sekaligus mbalang pitakonan.
“Ora paham sapa kuwé Pak Maufur,” omongé Sidul.
“Pak Maufur kuwé mantan Rektor UPS.”
“Pak Maufur kuwé, kayané tau dadi Wakil Walikota Tegal ya Jon?” sela Kapér.
“Jon Dapuk mantuk.
“Umahé nang Mejasem Barat kan?” sambungé Kapér.
“Bisané énté paham Pér?” Darto nimpali.
“Nyong kan wong Mejasem. Lokén ora paham kebangeten owh….”
“Yanu pan takon Jon. Nggo apa sih Puisi Tegalan dibahas? Kayong laka pegawéan temen!” Darto mbalang pitakonan. Nadané kayong ngréméhna.
“Ééé…. wong kiyé ka soglog temen ya?” timpal Kapér nyrobot Jon Dapuk pan njawabi.
“Soglog pimén Pér? Énté angger ngomong sekamyah-kamyah!” Nada suarané Darto atas.
“Sekamyah-kamyah pimén? Rongokna To, angger urusan puisi, serahna baé maring enyong! Sing arané puisi kuwé kelebuné sastra. Lan sastra kuwé kelebuné mahkota bahasa! Paham?”
“Maksudé?” Darto ngejar pitakonan. Maksudé Darto anjog nang endi genahé Kapér ngerti soal sastra.
“Sadurungé Tegal nemukna Sastra Tegalan, bahasa Tegal ora duwé aji, laka martabaté! Bahasa Tegal cukup nggo lédékan. Wong sing nggunakna bahasa Tegal kegolong wong sing ora duwé sopan-santun, kelebuné ora duwé adab. Angger wong Tegal dadi bintang pilem, kur-kuré dadi jongos, dadi babu! Dadi bahasa Tegal kegolong bahasané jongos karo babu?! Nah, sauwisé ning taun 1994 puisi gawéané WS. Rendra kang judul “Nyanyian Angsa” diterjemahna maring bahasa Tegal dadi “Tembangan Banyak”, latané pamor bahasa Tegal ndadak munggah setinggi langit. Bahasa Tegal dadi ana drajaté. Wong Tegal bléh isin maning nggunakna bahasané déwék. Ning taun 2019 sing kepungkur, Komunitas Sastrawan Tegalan kerja bareng karo Yayasan UPS malah wis nggelar Konggrés Sastra Tegalan kaping siji. Kuwé upaya kanggo njunjung duwur aran Kota Tegal lan sekitaré. Bisané kowen ngomong nggo apa mbahas puisi Tegalan? Justru nang kéné drajaté wong Tegal dijunjung kosih nyundul langit daning Sastra Tegalan lan dudu danging Bahasa Tegal! Paham, To?” omongé Kapér mulad-mulad.
Krungu penjelasané Kapér, Darto langsung pél sek! Jon Dapuk keprok. Sidul uga keprok! Rainé Kapér bungané saporété. Walhasil, Darto ngajungi jempol!
“Seliyané Komunitas Sastrawan Tegalan, UPS kelebuné ya mélu andil gedé owh Pér?” omongané Sidul mélu nyrandu.
“Bener Dul. Kampus UPS bisa dikandakné mélu andil. Malah nang UPS wis ana pelajaran Sastra Tegalan,” omongé Kapér. Dengarén ning bengi kiyé radan cerdas.
“Mantap tenan jawabané énté Pér! Hidup Kapér, hidup Sastra Tegalan… njunjung duwur martabaté wong Tegal sing ora péré-péré! ” delak Darto langsung nyikep Kapér. (@)
—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post