Sastrawan Aja Kur Hébat Déwék – Panturapost.com
Kamis, Februari 2, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Sastrawan Aja Kur Hébat Déwék

Kudune uga peduli bocah yatim.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
30 September 2020
3 min read
0
Sastrawan Aja Kur Hébat Déwék

Sastrawan Tegal membacakan puisi. (Foto: Lanang Setiawan)

Share on FacebookShare on Twitter

NING bengi kuwé jakwiré Jon Dapuk bener-bener digawé ngrajug nalika para Sastrawan Tegal maca puisi Tegalan. Penampilané jan kesawang hébat-hébat nemen, gén jebulé ora kur anjog samono gél. Tapiné sing ndadakna jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada salut jalaran ning acara peluncuran buku antologi Puisi Tegalan kuwé, ana santunan cut kanggo puluhan bocah-bocah yatim sing ana nang Yayasan Santoaji, Kelurahan Slerok, Kota Tegal. Bab kuwé sing ndadékna jakwir-jakwiré Jon Dapuk tresna maring Sastrawan Tegalan. Kanggo jakwir-jakwiré Jon Dapuk, acara kuwé kayong jarang disekséni daning jakwir-jakwir Jon Dapuk.

Berita kuwé sing bengi kiyé lagi dadi obrolan serius gonéng jakwir-jakwir Jon Dapuk nang Pos Ronda.

“Enyong bener-bener ngrajug tembé ngranapi ana peluncuran buku puisi plus santunan kanggo bocah-bocah yatim. Nyong mélu bangga, sung! Nyong mélu bangga,” omongé Kapér ngerasa pol mbangkana-kana.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané, Jon Dapuk ora gelem njawabi omongané Kapér sadurungé jakwir-jakwiré pada mujar kabéh. Déwéké malah nyuled sigarét latané disedot alon-alon. Lan kaya biasané tangané Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk sing kesanding nang adepané.

Baca Juga

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023
Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023

“Yanu senajan ora duwé naluri seni, tapi barang ndeleng acara peluncuran buku Puisi Tegalan, atiné yanu ndadak bungah. Pertama, ngerasa bangga jebulé bahasa Tegal sing awité diina-ina dadi bahasa guyonan, barang weruh déwék kiprahé para seniman Tegalan maca puisi nganggo bahasa lokalé déwék, ora kalah kambén bahasa-bahasa sing ana nang jagad raya. Kuwé sing pertama. Sing keloro, jebulé seniman-seniman sing ana nang Komunitas Sastrawan Tegalan duwé peduli maring bocah-bocah yatim. Kuwé sing gawé atiné yanu tresna maring kelompok kuwé. Pokoké yanu salut angger ana seniman peduli maring bocah yatim apa maning sing yatim piyatu.Yanu salut!” sambung omongané Darto.

Jon Dapuk mantuk-mantuk. Déwéké nunggu Sidul balang omongan. Lan ora let suwé, Sidul mujar omongan.

“Jujur baé enyong ya tembé weruh aksiné para sastrawan Tegalan. Tapi nang bengi kuwé, enyong ngerasa lagi dibéla. Nang tangané para Sastrawan Tegalan, bahasané enyong dadi manglih rupa mawujud bahasa luhur. Bahasa Tegal sekonyong-konyong munggah pamoré. Sing saluté maning, nang acara peluncuran buku Puisi Tegalan jebulé tinujuné kanggo ‘Mabag Patangpuluh Dina Jenaté Manten Walikota Tegal Kang Nursholéh’. Acara kuwé bener-bener langka tunggalé!”

ADVERTISEMENT

Sepi saklédaban. Ora let suwé Jon Dapuk nimpali omongané jakwir-jakwiré.

“Sejatiné bahasa sing ana nang dunya kuwé, laka sing hébat uga laka sing écék-écék. Kabéh bahasa drajaté pada. Kari sapa uwongé sing nggunakna. Adong sing nggunakna wongé béléh peta, bahasané ya dadi beléh peta. Sebaliké, adong sing nggunakna wong sing adabé tata, bahasané ya mélu tata. Dadi sifat bahasa kuwé élastis,” omongé Jon Dapuk.

“Bisa dikandakena bahasa kuwé tarik ulur ya Jon?” omongé Sidul.

“Bener Dul. Pokoké aja isin nganggo bahasané déwék.”

Krungu penjabarané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré mangkina teteg maring bahasa ibuné déwék.

“Prihal para seniman peduli maring bocah-bocah yatim pimén, Jon?” takoné Darto.

“Salut! Nyong salut porét. Artiné, seniman kuwé aja kur seneng kanggo awaké déwék. Agama Islam wis weling, bocah yatim kuwé kudu ditresnani. Sebab wis ora duwé bapak. Luwih-luwih maring bocah yatim piatu, enyong kowen kudu tambah welas asih. Adong kowen duwé rejeki, sitik mboran disisipna rejekiné bén bareng rasan. Rejeki kuwé aja kosih dileg déwék mantakén ora berkah. Muga-muga baé, para Sastrawan Tegalan diparingi maju lan dalané padang jembrang kanggo ningkatna drajat Sastra Tegalan. Sebab sing arané sastra kuwé mahkotané bahasa. Wis… pokoké nyong mélu bungah maring para Sastrawan Tegalan peduli, gelem peduli maring bocah yatim!”

“Akur Jon!” delak Kapér, Sidul, uga Darto ngerasa duwé jakwir jempolan kaya Jon Dapuk sing adabé bener-bener mulia. (@)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Lanang setiawanMociSastrawan Tegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In